Rabu, 25 Juli 2018

Tugas Basa Jawi

1. Setitekna tembang Kinanthi kang dijupuk saka Serat Wedhatama Pada 1 ing ngisor iki kanthi nggoleki guru gatra, guru wilangan lan guru lagune! 
"Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip".

Tegese tembang kasebut ing basa Indonesia:
Padahal bekal hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat akan pertanda yang ada di alam ini,
Menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara.
Begitulah memelihara hidup.

Supaya gampang dimangerteni isine, tembang kasebut banjur gawenen crita!


Tuladha crita saka pada 1:
Wong urip ing alam donya iku butuhake sangu. Sangune yaiku tansah eling lan waspada. Eling tegese tansah enget marang Kuasaning Gusti Allah. Waspada bisa ditegesi ngati-ati. Wong urip uga tansah enget (sadar)  lan mangerteni prantadha sing ana ing alam  wektu iki. Eling lan waspada bisa dadi sumber kekuatane manungsa supaya bisa slamet saka kasengsaran lan kalabendu. Ya iku mau carane ngupakara urip. 

2. Sak wise nyetitekake tembang ing dhuwur banjur Pada 2 (Tembang Kinanthi Serat Wedhatama) wangsulana kanthi tatacara padha kaya printah ing dhuwur! 
Teks tembang bisa download ing kene https://javaeko.blogspot.com/2015/?m=1
4. Asil garapanmu tumpuken ing meja Pak Eko Kantor TKR. 
Matur nuwun.