Parikan yaiku unen-unen utawa
tetembungan kang dumadi saka rong ukara kanthi nggunakake purwakanthi
swara/purwakanthi sastra. Parikan uga disebut PANTUN (Indonesia). Parikan minangka bukti keluhuraning budaya
Jawa. Ing parikan, ukara kapisan minangkan pambuka, dene ukara kapindho
minangka surasane/isi. Isine parikan ngemu kesaenan-kesaenan pagesangan.
* Purwakanthi swara tegese tetembungan kang padha swarane,
kang ngemu kaendahan.
Tuladha – tuladha parikan :
1.
Manuk emprit, nucuk pari (pambuka).
Dadi murid sing taberi (surasa).
2.
Jemek-jemek, gulane Jawa.
Aja ngenyek, padha kanca.
3.
Manuk tuhu, mencok pager.
Yen sinau, dadi pinter.
4.
Wedang bubuk, tanpa gula.
Ja sok ngamuk, gelis tua.
5.
Wajik klethik, gula Jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
6.
Wedang bubuk, gala tebu.
Mata nagntuk, jaluk turu.
7.
Kembang mlathi, warna peni ganda wangi.
Watak putri, kudu titi ngati-ati.
8.
Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar.
Lamun sabar, bisa lejar bingar-bingar.
9.
Kembang kencur, ditandur tepining sumur.
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur.
10. Esuk
nakir sore nakir, sing ditakir godhonge plasa.
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir mung golek bandha.
11. Plesir
sore, jungkate putih.
Ngesir kowe, ra tau mulih.
12. Yen
kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu.
Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ngilmu.
13. Mlaku
dhisik, ora ngenteni.
Digawe becik, ora niteni.
14. Ngetan
bali ngulon.
Apa sedyane kelakon.
15. Wetan
kali kulon kali, arep nyabrang gak ana uwote.
Bapak gemati simbok gemati, yen tak timbang padha
abote.
16. Dikanji
kok ra disetlita, lha ora duwe areng.
Wis janji kok ora teka, lha bapak ora pareng.
17. Pecut
diseblakne.
Wis kebacuk dikapakne.
18. Timun
sigarane.
Terus mbangun negarane.
19. Abang
ora legi.
Tiwas magang ora dadi.
20. Tela
diiris-iris.
Gawe gela ra uwis-uwis.