Senin, 15 Juli 2013

BAHASA JAWA DALAM KURIKULUM 2013 : Membumikan Bahasa Jawa

Pro kontra tentang penghapusan mata pelajaran Bahasa Jawa dalam kurikulum 2013 terus menggelinding. Yang pro mengatakan, bahasa Jawa merupakan warisan leluhur yang patut dilestarikan. Karena etika, moral, filsafat, sejarah, mitos, kosmologi, serta legenda terkandung di dalamnya. Seorang anak bangsa seyogyanya harus memahami benar sejarah dan budayanya. Dengan begitu mereka dapat hidup di tengah dunia global tanpa tercerabut dari akar budayanya.
Sementara yang kontra mengatakan, era global seperti sekarang ini diperlukan alat komunikasi yang cepat dan egaliter. Bahasa Jawa tidak mampu menembus batas itu. Akibatnya, berbahasa Jawa dianggap melawan jaman. Mereka yang berbahasa Jawa kerap dikatakan kampungan dan ketinggalan jaman. Bahkan dianggap sebagai orang yang berasal dari strata bawah.
Pro kontra tersebut merembet ke kalangan siswa. Hal itu tergambar dari hasil survei yang dilakukan tim Deteksi Jawa Pos. Di antara pro kontra itu 83,0 persen responden menganggap pelajaran Bahasa Jawa masih pantas dimasukkan ke dalam kurikulum. Bahkan 89,9 persen responden mengaku bangga berbahasa Jawa. Materi yang disukai antara lain Nulis Aksara Jawa, belajar bertutur bahasa, dan arti bahasa
Saya berharap hasil survei ini didengar oleh pihak Kemendikbud. Selanjutnya dijadikan bahan renungan dan pertimbangan sehinga Bahasa Jawa tetap ada dalam struktur kurikulum 2013. Dengan tetap mempertahankan bahasa Jawa diharapkan bahasa Jawa bisa membumi. Siapa tahu malah menjadi warisan dunia yang berasal dari Indonesia. Di samping itu, Pak Nuh sebagai orang nomor satu di Kemendikbud juga harus membuka kembali catatan UNESCO. Badan PBB itu mencatat, setiap tahun tidak kurang sepuluh bahasa daerah punah. Tentunya kita tidak menginginkan hal ini terjadi. Semestinya begitu. (Priyandono dalam Radar Surabaya 02/04/2013) kapetik saking http://guru.or.id/membumikan-bahasa-jawa.html

Jumat, 22 Maret 2013

CERKAK: Pingget

Wewayangan sepisanan ketemu Menur ing kampus isih nandhes ing rasa pangrasaku. Menur kuwi adhi kelasku ing fakultas. Kulitane kuning resik. Eseme ngujiwat. Mripate tansah idhum, gawe adhem ati lanang. Mula akeh Arjuna sing kesengsem, klebu aku.
Ora ngira jebul omahe Menur tunggal desa karo aku. Wektu mahasiswa anyaran, menyang mulih kuliah Menur tansah numpak bis. Biyasane ngadhang bis ing halte ngarep kampus, nuli nyegat bis jurusan Tawangmangu utawa Matesih.
Saka desane Menur, uga desaku, menyang kampus adohe 25 kilometer. Mula aku nawani Menur supaya bisa boncengan bareng. Saben mulih kuliyah aku tansah liwat halte ngarep kampus, saprelu nawani Menur boncengan. Pisan, pindho, telu, Menur klewa-klewa nampik pangajakku.
Nanging, aku tetap tlaten nyedhaki Menur, supaya atine luluh. Aku duwe prinsip, watu atos yen ditetesi banyu saben dina mesthi bakal bolong. Embuh nganti nawani kaping pira, pungkasane atine Menur luluh lan gelem mulih mbonceng bareng aku.
Critane, wengi kuwi ana adicara ing fakultas nganti wengi. Ing wayah wengi kuwi, bis jurusan Tawangmangu wis ora ana maneh. Mula aku nyegat Menur ing lobi fakultas. Ora let suwe Menur mudhun.
Weruh aku ngadeg ing papan kuwi, Menur nuli ngguyu. Ah rasane ati iki dadi adhem kaya kegrujug banyu es yen nyawang Menur mesem. “Dhik bareng aku ya? Bis jurusan ngetan wis ora ana hlo,” kandhaku alon.
Menur mung meneng. Sajak bingung arep wangsulan. Ya apa ora? “Wis barengan wae! Boncengan kana, Nur. Wengi-wengi ngene yen numpak angkutan umum bisa dipangan wewe gombel kowe,” kandhane Evi, kancane Menur, ceplas-ceplos.
Jalaran Menur mung meneng, mula Evi nyuwara maneh. “Ya Mas. Menur gelem diterke mulih. Iki hlo wis ngguya-ngguyu,” ujare Evi sinambi nyurung awake Menur nganti nabrak aku. Tangane Menur ora sengaja nyekel pundhakku.
“Sori…sori, Mas! Ora sengaja. Evi iki hlo, nakal banget,” ujare Menur.
“Ah ora apa-apa. Gelem ya, Dhik, dak terke mulih?” ujarku nanting. Menur nuli manthuk sinambi ngguyu. Ah… wangsulan sing kaya ngene iki sing dak tunggu nganti patang wulan.
Pungkasane, wiwit wengi kuwi Menur tansah dak boncengke budhal lan mulih kuliyah. Aku wiwit akrab marang kulawargane Menur. Luwih saka kuwi, patang wulan candhake Menur resmi dadi pacarku. Disawang saka solah bawa bapak lan ibune, sajake sarujuk yen Menur dak wengku dadi sisihanku ing tembe mburine.
Nanging, kuwi kabeh lelakon sakdurunge pemilihan kepala desa (pilkades). Rong wulan sakdurunge coblosan, sesambungan asmara sing wis karajut rong taun kuwi ambyar dadi sawalang-walang. Dudu perkara pribadi aku lan Menur, nanging ana gandheng cenenge karo kahanan politik desa.
Beda pilihan calon kepala desa (kades) sing njalari sesrawunganku karo bapake Menur dadi panas. Critane, ing pilkades desaku aku kadhapuk dadi tim suksese Mas Broto. Mas Broto kuwi kakange Bima, kancaku SMA, sing omahe nunggal desa nanging beda kebayanan.
Sesrawunganku karo keluargane Bima pancen raket. Bima dak anggep kayadene sedulur kandung. Bapak ibune Broto dak anggep kaya bapa biyungku dhewe. Semana uga Mas Broto dak anggep kayadene kangmasku kandhung.
Mula lumrah yen aku nyengkuyung lan ngewangi Mas Broto sing njago dadi lurah ing desaku. Ora lumrah yen aku nyengkuyung calon kades liyane. Lumrah uga aku pidhato makantar-kantar kanggo nyengkuyung Mas Broto.
“Mas Broto punika priyayi pinter, resik lan religius. Programipun nggih sae. Ngajak nem-neman dhusun supados sengkut mbangun pertanian desa,” kandhaku ing warung angkringan. Ing panggonan ngendi wae aku tansah promosi Mas Broto.
Nanging sing dadi perkara, jebul sedulure Menur uga ana sing nyalon dadi kades yakuwi Mas Darno. Mas Darno kuwi ponakane bapake Menur. Ya lumrah wae yen kulawargane Menur nyengkuyung ponakane dadi kepala desa. Nanging sing ora lumrah kuwi sesambunganku karo Menur dadi gonjang-ganjing kesampluk ombak demokrasi pilkades.
Aku ditanting bapake Menur.
“Sliramu milih pacar apa milih kanca?” pitakone.
Iki pilihan sing abot. Sejatine ora bisa kaya ngono kuwi.
“Sakjane rak ya bisa milah-milah. Endi sing ranah politik? Endi sing ranah asmara? Hla yen kabeh dicampur adhuk, njalari laraning atiku,” batinku nelangsa. Ora ngira yen lelakone dadi kaya ngene.
“Lagi pacaran wae wis wani brontak calon maratuwa! Hla yen wis resmi dadi anak mantu, mesthi bakal nindhes maratuwa!” ngana ukara sing tekan kupingku. Menur dipegsa kulawargane supaya medhot sesambungan katresnan kalawan aku. Kanggone Menur lan kanggoku iki kahanan sing abot.
“Mas, iki kabeh dudu karepku. Nanging, aku ora bisa menggak putusan kulawargaku,” ujare kanthi mingseg-mingseg ing telpon.
Sawise kuwi aku ora bisa mboncengke Menur maneh. Uga ora bisa dolan menyang omahe Menur. Aja maneh ngambah omahe Menur, liwat ngarep omahe Menur wae aku mesthi dialang-alangi. Aku nate nyoba liwat ngarep omah, nanging dicegat pawongan supaya mbalik nengen.
Kahanan desa nyedhaki dina coblosan sansaya panas. Aku didakwa ngelek-elek calon kades Mas Darno, kangmase nakdulur Menur. Pungkasane atine kulawargane Menur dadi pingget, lara ati. Jare, kok tega-tegane? Kok mentalane aku ngelek-elek Mas Darno?
Pungkasane kulawargane Menur dadi tambah nesu, sansaya gething marang aku. “Gek sapa wong sing nyebar wisa ora nggenah kuwi?” batinku nggrantes. Sejatine sak ukara wae aku ora nate ngelek-elek Mas Darno. Patrap lan watakku ora kaya ngono kuwi.
Rampung pilkades kahanan desa sing maune panas bali adhem ayem maneh. Sing atine tatu, wis wiwit pulih maneh. Nanging sesambungan asmaraku tetep wae panas. Kulawargane Menur wis kebacut pingget atine lan ora gelem nampa aku maneh.
Aku ngerti sejatine Menur isih tresna. Nanging, yen saben dina dipenggak bapak ibune supaya ora sesambungan karo aku, suwe-suwe rasa tresna sing wis thukul ngrembaka ing atine Menur mesthi bakal punthes tan bisa semi maneh.
Sawijining wengi telpon gegemku muni. Jebul saka Menur. Aku kaget! Apa ana sing wigati? “Mas iki Bapak gerah ning rumah sakit, kowe mrenea saiki, Mas. Tulungana bapakku. Bapak butuh darah segar. Mung getihmu sing cocog, Mas!” kandhane Menur gupuh sinambi nangis.
Menur crita wis ana pirang-pirang pawongan sing arep donor darah marang bapake, nanging ora ana sing cocog. Pancen golongan darah kuwi klebu ora akeh sing nduweni. Mula tanpa mikir werna-werna aku enggal budhal. Niyatku mung siji, arep tetulung. Ora arep memanfaatkan kesempatan dalam kesempitan.
Tekan rumah sakit kahanane wis gawat. HB-ne bapake Menur ndrawasi. Ambegane wis dibantu tabung oksigen. Getihku enggal diteliti ing kantor Palang Merah Indonesia (PMI) sing panggonane ora adoh saka rumah sakit. Cross check. ”Cocog!” kandhaku bungah. Getihku enggal dijupuk lan pungkasane enggal ditranfusi marang bapake Menur.
Rampung kuwi aku enggal pamitan Menur. “Dhik, jalaran wis cukup, aku nyuwun pamit. Salam kagem bapak lan ibu,” kandhaku alon.
“Mas, apa kowe isih nesu karo kulawargaku?” pitakone Menur.
“Ora, Dhik, wiwit biyen mula aku ora nate nesu marang kulawargamu. Aku tansah tresna kulawargamu, mligine sliramu,” ujarku sinambi ambegan landhung.
“Yen ngono aja bali dhisik, Mas. Ibu mau pesen, arep ngendikan wigati karo kowe, Mas,” kandhane Menur kanthi mripat nandhes nyawang aku. Menur enggal mlebu ruang perawatan, nuli metu maneh sinambi nggandheng ibune.
“Matur nuwun ya, Nak. Aja dadi atimu yen wingi-wingi kae Bapak duka marang kowe, amarga krungu kabar sing ora-ora. Nanging pranyata kuwi kabeh ora bener. Jebul ana wong-wong sing patrape kaya Sengkuni, seneng wadul-wadul supaya kisruh. Saiki Bapak lan Ibu wis mangerteni sejatine sliramu kuwi sapa,” ngendikane Ibune Menur.
“Mula, dak jaluk kabeh bisa bali kaya wingi-wingi. Yen arep dolan menyang omah ya mangga. Yen bali maneh kekancan raket karo Menur, Ibu ya tambah seneng. Sing wis ya wis ya, Nak,” ngendikane ibune Menur wicaksana sinambi nyekel pundhakku.
“Nggih Bu, matur nuwun. Sakmanten ugi kula nggih nyuwun pangapunten. Kula nggih nggadhahi lepat. Wiwit mbenjing enjing kula badhe sowan malih wonten dalem. Kula nggih badhe bidhal lan wangsul kuliyah sareng Dhik Nur malih,” ujarku.
Wengi kuwi aku jumangkah metu saka rumah sakit. Langit ing ndhuwur kana katon peteng dhedhet. Nanging atiku padhang njingglang ngrasaake rasa seneng sing ora kinira. Matur nuwun Gusti.

Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Pagupon Kanggo Mbah Pon

 ”Ya wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…” Ora ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu sengon.
Papan sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang puluh tahunan.
Aku dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren. Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup. Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abab. Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee, bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan. Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi? Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa, bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal asam-urat ya ora kuwat.
Swara gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah seseke urip Pak Mantri,  krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa pacoban  mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit  mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon mau.
”Panjenengan kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh, mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing negara iki.
***
Esuk uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo, panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu  nylethuk.
”Ya tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga  bareng-bareng.
Mantene tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye maneh wong jenenge tangga?
Apa maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan, Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan. Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha… Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih tebih, Mbah?” Suradi ora  kuwat nahan gringgingen.
”Kari sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana latar amba.
”Hla kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni. Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan. Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana praupane wanita mau.
Darjo gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh ngeterake…

Dening : Budi Wahyono, Guru SMK N 7 Semarang
Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Landheping Krikil

Dening : Yan Tohari

Langit Kutha Solo awan iku resik, ora kaya dina-dina kepungkur sing amung mendhung angendanu lan pijer nggrejeh wae. Mega tipis pancen ngrenggani akasa, nanging datan nuduhake tenger bakal udan. Angin sumidit alus nilasake hawa seger. Ewasemana tiba kosok-bali tumrap atine Sayekti, dhadhane krasa semumpel, prasasat kinebakan mendhung lelimengan. Anyel, mangkel, sedhih, nesu, campur-adhuk dadi siji.
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget ati, jejering wanita kablenjani tresnane. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal slingkuh sing lanang. Nanging kanyatan iku saiki wis wela-wela gumelar ing ngarepe. Njur sapa bisa kandha lumrah. Embuh, iblis ngendi kang manjing ing atine sing lanang. Mengku wanita kaya Sayekti, sing wis ayu. Kathik darbe pakaryan mesthi, ewasemana isih ngumbar ati baya. Kencut wanita liya.
Jaman pancen wis kliwat gendheng, tatatanan, paugeran, moral lan tata-susila selot dadi bab sing kurang kajen. Akeh sing padha ngidak-idak kautaman, embuh iku sing buruh apa majikan, sing mlarat apa sing sugih, sing nganggur apa pejabat. Mbokmanawa bener, jagade wis arep digulung, giliran akeh manungsa kentekan petung.
Sayekti, kerep katlikung rasa bingung. Banjur bakal tumindak piye dheweke? Mula dina iki dheweke mlayu saka kantor, atine katindhih rasa isin. Kepengin ngipatake rasa sing banget lara iki, pirang-pirang pambudi katindakake nanging kaya methuki dalan buntu. Sansaya mlayu ngadoh, sansaya wela-wela wewayangane sing lanang kang lagi andon tresna klawan wanita liya. Periiih!
“Mbok wis Dhik, aja mbokgawe abot. Harak jagad ora mung sagodhong kelor, priya ora mung Guntara. Isih akeh lho wong lanang liya sing gelem setya. Aku yakin kowe bakal gampang golek gantine. Malah sing luwih saka kuwi,” Murti kanca sakantor ngarih-arih.
“Sajane ya wis dakcoba kanggo kuwi, Mbak. Nanging ati iki tetep wangkal kanggo nampa kanyatan,” Sayekti nanduki klawan mripat kembeng-kembeng.
Pancen Guntara, priya sing wiwit rong taun kepungkur ngisi ati ing dina-dinane dudu perkara gampang kanggo dilalekake. Guntara kanthi pawakan sedheng, pakulitan resik lan brengos tipis iku pindha dermaga mungguh Sayekti. Papan kanggo jumangkah utawa ngluruhake sayah ing sela-selaning dina ngrakit impen uripe. Eman, dermaga iku saiki rubuh, kerut ing ombak lamis.
“Aku ngerti kuwi pancen abot, Dhik Yekti. Lara-laraning atine wanita, yen kacidrani priya sing ditresnani. Mula sing sabar wae ya,” maneh Murti nglipur.
Dudu amung Murti sing semune welas klawan lelakone Sayekti, akeh kanca kantore kang trenyuh. Embuh iku Rina, Damar, luwih-luwih Santosa. Kanca kantore siji iki ora mung cukup welas, nanging melu ngigit-igit klawan trekahe bojone Sayekti.
“Ora idhep eman cah ayu-ayu kok kagawe lara ati,” mangkono grenenge Santosa sawijine dina. “Mbok katimbang disia-sia dilungsurke aku wae, wis mesthi bakal daklela-lela,” celathune Santosa sing pancene isih legan iku kasusul guyune sakanca kabeh.
Mancik tengah dina, kutha Solo tambah sumelet. Ratan Slamet Riyadi sansaya kinebakan kendharaan. Sinawang saka kadohan prasasat padha bujung-binujung, embuh padha mbeburu apa. Siji lan sijine kaya terus adu banter, adu dhisik, kaya kaselak katinggal wektu. Kaselak ora komanan marang apa sing padha dadi rebutan dina iku. Bledig binledig, njarah pepenginan. Ing kutha iki selot angel nemokake ati sareh, sabar lan sumeleh.
Semono uga rasa kang terus kabudi dening Sayekti, kanggo sabar ngadhepi lelakon kang katemben nyandhung uripe tetep angel kacandhak. Dhadhane tetep kinebakan rasa goreh, mangkel lan nesu. Wis pirang-pirang dina mbudi kanggo sabar tetep wae cabar. Ana rasa kang loruu.., periiih.., sing angel dikipatake.
Saiki jangkahe Sayekti mancik ing undhak-undhakan sawijine mall sing kondhang gedhe ing Kutha Bengawan iki. Dheweke mecaki jrambah klawan ati suwung. Senadyan kiwa lan tengene pating sliri pawongan kang padha ngumbar mata golek panglipur. Ewasemana Sayekti rumangsa katindhih sepi. Prasasat kabeh sing sinawang katon wong-wong asing kang ora ditepungi. Wong-wong mau padha sesliweran, embuh mbeburu apa ana papan kang kaanggep super mewah iku.
Semu. Wong-wong saiki amung kapincut semu. Papan mewah iki amung dhapur ngandelake rasa goroh. Mall mentereng klawan barang-barang larang lan luks satemene lamis wae. Wong-wong sing teka kuwi satemene nyelaki batine. Dudu iki sakjane sing dibutuhake dening ati. Kabagyan mono tetep manggon ing kaprasajan. Apa anane. Njur apa tegese wong-wong iku teka kene, yen sing ana iki satemene ora nate bisa paweh pemarem? Suwalike tambah gawe sansaya ngelak.
Mbokmanawa mangkono uga kang saiki nguwasani atine Guntara, kanggo apa dheweke kecanthol wanita liya. Njur golek apa? Guntara sajake kapeksa nggorohi atine dhewe. Ing sisihe wanita kang setya kathik kecanthol wanita liya kang durung genah apa sing ana jroning atine. Guntara mbokmanawa kalebu priya kang ora gelem sinau marang apa kang wis akeh kelakon. Ora mung uripe, ajining dhiri, bisa-bisa kalungguhan katut kerut awit panggodhaning tresna lamis.
“Sayekti…, bener iki Sayekti ta?” dumadakan swara iki teka lan medhot pikirane Sayekti sing lagi kabandhang ing lamunan.
Sayekti nanduki klawan manthuk alon lan cukup mesem tipis.
“Eh, kowe lali ta, Yekti? Aku kanca SMA, Riyan? Riyan sing kulina nggodha awakmu biyen,” priya sing ngaku Riyan mau nuli lungguh ing kursi sangarepe Sayekti.
“Iya aku eling, kowe Riyan ta?” sabanjure Sayekti nanduki.
“Sokur kowe eling, Yek. Trus, geneya kowe ana kene ijen? Lagi rolasan, tugas apa nglipur ati ya, kok sajak suntrut? Apa…,?”
“E, trus piye nggonku mangsuli kok pitakonmu mbrubul ngono,” Sayekti munggel.
“Oya, sepurane. Terlalu semangat,” Riyan mesem kecut.
Nuli sakarone kanca lawas mau padha kabadhang ing lelakon kawuri. Salumrahe kanca lawas sing ora nate ketemu lan saiki bisa sapejagong. Mulane karasa kaku, wektu candhake Sayekti kaya nemu panglipur. Satemah sawetara lali marang lelakon peteng kang nindhih uripe. Ndilalahe Riyan kalebu pribadi sing gumyak, sumanak lan lucu. Malah patemon dina kuwi asring kasambung ing dina- dina sabanjure.

***

“Kowe ora ijen, Yek. Ora sithik, embuh wanita apa priya sing wis kacidrani sih tresnane ing jagad iki. Kalebu priya sing ana ngarepmu uga kurban katresnan lamis,” mangkono Riyan nanduki critane Sayekti .
Sayekti nggragap, ora ngira Riyan darbe nasib padha klawan awake.
“Awakmu ditinggal wanita sing mboktresnani?”
“Ora mung ditinggal. Nanging wanita mau uga gawe pitenah. Saengga aku sing didakwa kulawargaku apadene kulawargane sing ngrusak rumah-tangga,“ wangsulane Riyan sing selot gawe Sayekti kaburu ewon pitakon.
Murih Sayekti marem, tumuli Riyan nyritakake kabeh lelakon kang tumempuh ing panguripane. Nganti pungkasane bali urip ijen, malah kudu nanggung anak siji sing katinggal dening ibu sing kudune ngesok sih tresnane. Krungu kuwi kabeh Sayekti amung jegreg. Tan bisa kumecap. Rasane katlikung trenyuh.
Panyawange rumambat ing pang-pang trembesi sing jenggereng ing kompleks Taman Sri Wedari. Atine Sayekti tambah angluh. Geneya kudu mangkono lelakon tresna sing nuli kasandhang manungsa. Endi sing salah, endi sing durung pener. Kamangka saelinge tresna kang karonce klawan Guntara uga ora sadhela. Luwih saka rong taun Sayekti sesambungan rasa klawan Guntara sadurunge netepake kanggo nikah.
“Ati, ati Yek, ati sing keri saka lakon tresna kita sakloron. Bener kandhane para sepuh, yen gegarane wong akrami mono dudu bandha dudu rupa. Tresna mono kudu kawangun kanthi ati. Awit sabenere ing kono dununge kekuwatan. Eman, kita rumangsa keminter lan nyelehake rupa apadene bandha minangka kiblating tresna,” mangkono Riyan nuduhake apa sing luput saka uripe.
“Ning, saiki apa ana wong darbe pikiran ngono,” Sayekti bali kembeng-kembeng.
“Pancen angel, mula ora mokal wangunan bale wisma saiki banget ringkih. Sing ana amung sarwa lamis, saiki tresna sesuk bisa gegethingan. Kamangka sih tresna sing rosa mono sing sansaya cerak klawan ati. Iku kang katuduhake dening para sepuh kita biyen. Nadyan urip sarwa prasaja, nanging gampang ngranggeh kabagyan awit sakalire karacik mawa dayaning ati,” kandhane Riyan selot gawe atine Sayekti ngondhok-ndhok.
Nedhenge loro kanca lawas mau kasok ing ulegane rasa, sambung klawan landheping krikil lelakon uripe dhewe-dhewe, dumadakan kagawe kaget. Ing ratan gedhe sangerep Taman Sri Wedari papan sakarone sapejagong katon wong-wong rame padha nyaketi ing tengah dalan. Malah Sayekti lamat-lamat krungu aloke wong yen mentas wae ana sing nglalu. Kagawa insting wartawan, Riyan age nggandheng sayekti kanggo ngungak apa sing satenane dumadi.
Saiba kagete Sayekti. Datan ngira pawongan kang padha dirubung lan prasasat adus getih sawuse mencolot saka jembatan penyebrangan mau, tetela wong sing salawase iki banget ditepungi.
“Mas Guntara….,” Sayekti jumelih lan sabanjure wis ora eling apa-apa.

Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Kangen

Dening : Sugiarto B Darmawan
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.”
“Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe mitrane mau.
Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge. Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.
“Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah. Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?”
“Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran,” semaure Parman lirih amarga ngantuk.
Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.
Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.
“Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan  pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi! Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!”
Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen. Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.
“Nanging… ah geneya rembulan  ing dhuwur kae pucet kaya ngana!”
Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet. Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.
“Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?”
“Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana.”
“Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae sansaya pucet cahyane.”
“Min, elinga, Min!” aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.
“Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung.”
“Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan simbokmu maneh.”
“Tenan ya, Man?” swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.
“Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran,” ujare Parman ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.
Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng. Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.
Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana pangkone.
“Man, Parman!” lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.
“Maaaan!” saiki rada banter.
“Heeemm…  ya. Ana apa?” saute Parman aras-arasen.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet.”
Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?
Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.
Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin nglempreg tanpa daya?
“Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!”
“Ya…ya… aku uga mangkono, Min!”
”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!” grenenge Sarmin.
Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…
“Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?”
“Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!” saure Parman kanthi bingung. Tangane ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.
“Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?”
“Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!”
“Oohh… senenge manawa mangkono,” lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.
Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan. Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…
Min…Sarmin! Min…Sarmin…!” Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…
Kapetik saking SOLOPOS.COM

Jumat, 15 Februari 2013

CERKAK: Ing Pesisir Wayah Sore

Alun segara kidul pancen ngedap-edapi. Jumlegure banget rinasa saengga ngremukake swasana ati.   Wiwitane kabar saka sabrang nalika kadang-kadang kita sing pating jlerit memelas ilang kesapu ombak tsunami. Ya amarga saka kabar tsunami kuwi pikirane saiki tansaya kaco, ora jenjem.
Pikiran nglambrang sansaya mbabra nalika wong-wong saomah ndadekake dheweke minangka paran pitakonan. Dudu jawaban sing kudu dipikir nanging kepriye carane nakyinake jawaban sing pancen angel tenan. Malah dheweke kerep muring-muring marang jawabane dhewe.
Kabeh  jawaban iku satemene ya mung kanggo nyenengake wong-wong kuwi, geneya aku kudu ngomong jujur yen wong-wong kuwi ora nate gelem percaya lan marem marang jawabanku?
Ngono atine kandha kaya-kaya nyalahake awake dhewe. Mula kanggo sumingkir saka pitakonan-pitakonan konyol kuwi dheweke kerep ngesok rasa sumpeke marang pesisir ing wayah sore. Manuk-manuk camar dolanan ombak sandhuwure segara kang sedhela-sedhela mabur mudhuk-mandhuwur ora bisa nglipur dheweke saka rasa goreh.
Malah dheweke nggusah manuk-manuk mau kanthi disawat nganggo gesik. Pancen aneh manawa manuk kang ora ngerti kenthang-kimpule melu-melu disalahke. Kamangka bisa wae mbok manawa camar-camar kuwi satemene ngerti marang apa kang lagi dirasakake. Saora-orane sekarep gawe lelipur. Ananging sajake dheweke ora rumangsa kelipur. Malah kaya-kaya manuk-manuk mau nggeguyu dheweke. Pancene  ing wektu kuwi pikirane lagi goreh ora bisa nampa kahanan kanthi wening, malah kepara nggedheke rasa cubriya lan  emosi-emosi.
Ndhewe ing papan sepi katone pas kanggo dheweke. Jroning meneng dheweke bisa ngrangke umpama-umpama kang ora bisa ditampa dening pikirane wong waras. Apa dheweke saiki wis edan? Nanging, yen ora gemblung geneya dheweke kok golek jawaban ing pesisir? Ananging yen wis kepara edan, geneya dheweke isih duwe pengarepan? Najan pengarep-arep mau mbuh ora genah dununge.
Dheweke isih setya mecaki dawaning pesisir kanthi rasa ati kang ora bisa digambarake. Rasa sumpeg lan judheg campur dadi siji ngrajam ngudhet-udhet pikiran sehat. Apa dheweke bakal nemu jawaban kang bisa maremake? Mung wektu kang bakalan njawab.
Ing wektu-wektu kepungkur, dheweke kerep ngentekake wektu ing pesisir sinambi nyawang langit sing sulak abang karo calon bojone. Calon bojo? Ya, bisa diarani ngono awit nyatane dheweke karo Yan klakon tunangan. Najan sasuwene kuwi ora nate ana rasa istimewa sing mlebu ing atine.
Awit dheweke ora  prenah duwe pikiran apamaneh duwe pengarep-arep dadi bojone wong kang sasuwene iki wis dianggep kaya dene kadang tuwa. Ora ana rasa jroning ati kajaba: kadang!
Nanging, nalika krungu kabar manawa tanah Aceh banjir bandhang marga disapu gelombang tsunami kang newasake atusan ewon manungsa, kabeh kenangan ing pesisir iku malih dadi  rasa nelangsa kang banget nabet ati. Antarane rasa salah lan kangen dadi nyawiji. Antarane pengarep-arep lan kenangan dina-dina kepungkur rinonce kekembangan kang ngambarake rasa kangen.
Sauntara kuwi wis suwe dheweke nyoba ngubungi mawa handphone (HP). Nanging, ora ana jawaban saka sebrang. Keluarga lan sanak-kadange sansaya mojokake jroning swasana kang salah. Sikepe kang sasuwene iki sajak lelewa dianggep minangka kebeneran manawa Yan calon bojone katut dadi korban ing Aceh. Pancene pandakwa sing banget keladuk. Jroning kahanan kang kaya mangkono ora ana pilihan kajaba ngesok marang pesisir kang ninggalake kenangan, kaya sing dilakoni ing wektu sore iki.
”Rungokna ombak, wong-wong saomah wis ora mrecayani aku. Kabeh wis nganggep aku mutusake sesambungan karo Mas Yan. Tenan, sasuwene iki aku wis kerep nyoba ngubungi Mas Yan. Nanging saben-saben dak telpon, mung veronica sing njawab”.
Sore iki mbuh sing kaping pira wis ora ketung maneh. Swasana meh padha. Ing sandhuwure segara manuk-manuk camar isih ngiteri langit. Ombaking segara kidul sing sagunung-gunung kaya-kaya arep nguntal dheweke. Jan-jane dheweke duwe pengarep-arep supaya disaut dening glombang iku. Nanging, dudu  nglalu. Dheweke kepengin ketemu karo Yan lantaran ombak mau. Manawa Gusti pancen ngarepake dalan kuwi, mula tekoa he ombak gedhe, ngono atine kandha.
Katone iki mujudage keputusan pungkasan. Dheweke wis ora pengin bali mulih. Dheweke bakal ngenteni kabar saka calon bojone. Dheweke rumangsa salah marang wong lanang iku. Sasuwene iki ora tau nggateke kawigatene. Sasuwene iki mung nganggep sedulur marang dheweke. Nanging kabeh rasa mau saiki malik satus wulung puluh drajat. Rasa sepa kang ngukuhi jroning atine, saiki mleleh dadi rasa kangen lan kebak ing penganti-anti.
Ananging rasa kangen mau kanggo sapa? Kabeh wong wis ngerti menawa tanah Aceh wis ora wujud maneh? Kamangka nalika kedadeyan glombang tsunami kuwi Yan lagi tugas ing kono.  Wiwit kuwi ora ana komunikasi. Lan kabeh mau wis lumaku luwih saka sesasi. Dheweke nyoba golek jawaban ing pesisir segara kidul. Apa ana gegambaran kang bisa gawe pepadhang? Apa ana tipak-tipak kang bisa nuntun lakune amrih bisa ketemu marang calon bojone?
Dheweke lungkrah. Semonoa sikile tetep jumangkah. Saiki lakune ora mung ana sapinggire pesisir. Wis sawates dhengkul dheweke mlebu ing banyune segara. Panyawange ngener tengahe segara sing ados lan blawur. Pikirane wis ora bisa diajak kompromi. Mbok menawa ya dalan iki sing bakal bisa nuntun jroning sapatemon. Ngono dheweke mupus.
Srengenene meh angslup. Candikala katon ngregemeng. Nanging dalan mau katon jembar lan padhang. Lakune tansaya adoh kanthi langkah alon nanging manteb. Rasa nekad iku luwih nyata nalika banyune segara wis nelesi perangan awake. Ora ana suwarane sato kewan maneh. Kaya-kaya kabeh ngurmati lakune sing mecaki jerone segara kidul.
Dheweke kaya sang ratu lumaku ing sandhuwure permadani abang nuju ing dhampar nalika sang raja wis suwe anggone ngenteni. Pandulune manther mangarep nyawang sang dasih kang ngawe-ngawe marang dheweke. Saiki banyune segara wis sewates dhadha.  Saka kadohan katon gumulunge alun kang dhuwure sauwit klapa.
Ananging ujug-ujug HP-ne muni. Dheweke kaget lan tanpa sadhar ngangkat HP-ne. “Mas Yan! Piye kabarmu, Mas…?!” Kaya thathit dheweke mbalik jangkahe.
Swara saka sebrang njawab kanthi kebak rasa tresna lan kangen. Swara mau ora liya Yan pacangane sing sasuwene iki diarep-arep kabare. Swarane iki panggah kaya biyen-biyen kae. Gumbira lan uga kebak pengarep-arep marang dheweke.
Wanita enom mau saiki wis ana ing pesisir. Ana rasa gumbira kang ora bisa digambarake nalika dheweke jumangkah ninggalake pesisir kidul kuwi. Kabar tsunami sing klakon ngrenggut atusan ewon kadang kita ing Aceh pranyata isih nyisake sawijining uwong kang banget dianti-anti. Nanging ana siji sing ora bisa diapusi, yaiku rasa jroning atine kandha manawa antarane dheweke karo Yan ora luwih mung  rasa peseduluran. Wanita mau banjur mecaki dawaning pesisir.

Penulis adalah Parpal Poerwanto, Guru SDN Wonomulyo, Wonogiri
Kapetik saking www.solopos.com

CERKAK: Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.

PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
Kapetik saking www.solopos.com

Rabu, 09 Januari 2013

WARTA: Basa Jawa Ilang, Jati Dhiri Mati

Warta kang sumebar sawetara dina pungkasan iki mratelakake lamun wulangan Basa Jawa bakal kajabel saka kurikulum pendhidhikan formal bebarengan kaleksanane Kurikulum 2013.
Warta iki nuwuhake rasa prihatin akeh pehak. Ing Kutha Jogja, sawetara dina kapungkur, mahasiswa Universitas Negeri Yogyakarta ngadani demonstrasi sing wose nulak ngengrengan ngilangi wulangan Basa Jawa sing sekolahan lelandhesan Kurikulum 2013 kuwi.
Ing Bali, para dwija, mahasiswa lan budayawan uga nulak trep-trepan Kurikulum 2013 lamun bakal ngilangi wulangan Basa Bali ing sekolahan.  Para guru, dhosen lan pamerdi basa Jawa padha gela lan sedhih nalika ngengrengan kasebut temen-temen disetujoni pemerintah lan wusana ditrepake.
Kawicaksanan kasebut pancen durung cetha temen-temen bakal ditrepake utawa ora, nanging kuwawa ndudut rasa prihatin marang akeh pehak sing preduli marang basa dhaerah minangka jati dhiri budaya.
Ngilangi wulangan basa Jawa ing sekolahan, miturut dhosen basa lan sastra Jawa ing Universitas Sebelas Maret, Imam Sutradjo, ora bisa dianggep enteng amarga bisa dadi pawadan bakal sirnane kabudayan Jawa.
Miturut Imam, basa kuwi dalane ilmu, basa kuwi sarana nggayuh ngelmu. Tumrap wong Jawa lan budaya Jawa, basa Jawa kuwi panglantar generasi mudha tepung marang oyot kabudayan lan jati dhiri tradhisine.
Nalika sarana kuwi ilang, generasi anyar ora bakal ngerti ngelmu kabudayan Jawa saengga ora suwe maneh kabudayan sing dadi oyot jati dhiri kuwi bakal angslup. Menawa wulangan basa Jawa diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal, miturut Imam, rong puluh utawa telung puluh taun kang bakal teka ora bakal ana sing sinau kabudayan Jawa.
”Tanpa basa Jawa kabudayan Jawa bakal cepet mati jalaran basa Jawa kuwi roh lan sarana ngleluri lan ngrembakakake kabudayan Jawa,” pratelane Imam nalika wawancara kalawan Espos, Slasa (25/12).
Kahanan basa lan budaya Jawa ing tiwi wanci pungkasan iki, miturut Imam, kapetung nguwatirake banget. Bocah-bocah Jawa jaman saiki arang banget sing bisa micara abasa Jawa kanthi bener lan pener. Ing omah wus arang banget wongtuwa sing mulangake basa Jawa marang bocah-bocah.
Nalika ing kulawarag ora tau nampa wulangan basa Jawa lan ing sekolahan mangkono uga, kuwi tegese basa Jawa mati. Hamula, miturut Imam, kahanan mangkono mau bakal ndadekake budaya Jawa tumpes sithik mbaka sithik.
Karya-karya pujangga Jawa kang nggunakake basa Jawa ora bakal didhudhah maneh generasi mudha wus ora mudheng basa Jawa. Ngelmu luhur kang diwarisake dening pujangga-pujangga Jawa bakal muspra lan mandheg, wusana musna.
Miturut Imam, akeh banget ngelmu saka pujangga Jawa jaman kawuri kang wujud tembang-tembang utawa kitab kang ngandharake pranatan urip mulya, pranatan agama lan katentreman jiwa.
”Nalika basa Jawa tumpes, musna, tapsiran-tapsiran luhur utawa kearifan lokal warisan para pujangga ora bisa diwarisake marang generasi mudha kang bakal teka. Kuwi kapitunan temen-temen tumrap budaya Jawa lan budaya bangsa Indonesia,” piterange Imam.
Miturut dwija basa Jawa, Bisri Nuryadi, kawicaksanan awujud Kurikulum 2013 kuwi lamun temen-temen ngilangi wulangan Basa Jawa bakal nuwuhake kawusanan kang gedhe tumrap budaya lan wulangan basa dhaerah. Wulangan muatan lokal (mulok) basa Jawa saiki saben minggu mung rong jam pelajaran.
“Rong jam saben minggu sejatine wus lumayan, sanadyan durung kabeh materi bisa kababar. Saiki, nalika ana ngengrengan bakal ngilangi wulangan Basa Jawa genah bakal sansaya angel tumrap upaya ngleluri lan ndayakake basa Jawa,” pratelane Bisri.
Miturut ngengrengan lelandhesan Kurikulum 2013 kuwi, samengkone wulangan Basa Jawa bakal didadekake siji kalawan seni budaya utawa prakarya.  Miturut Bisri, ngengrengan kuwi menawa ditrepake temen-temen tangeh lamun bisa didayakake kanggo ngleluri lan ngrembakakake basa Jawa, mligine tumrap bocah-bocah.
Sasuwene iki, miturut Bisri, mutu wulangan Basa Jawa kepara durung bisa dijagakake kanggo pancadan ngleluri, ndayakake lan ngrembakakake basa Jawa. Nalika wulangan Basa Jawa diilangi lan wusana didadekake siji ing wulangan liyane, genah bakal sansaya ora temanja.
”Kawicaksanan awujud Kurikulum 2013 kasebut menawa temen-temen bakal ngilangi wulangan Basa Jawa, miturutku, kudu dilimbang-limbang maneh. Aja nganti kurikulum anyar malah sansaya ngrusak pamulangan formal kang wredine kanggo mbangun generasi mudha bangsa murih tetep ngukuhi jati dhiri budayane,” pratelane Bisri.
Imam nelakake nalika wulangan basa Jawa, lan ing tebane kang luwih amba ateges wulangan basa dhaerah, diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal tundhone  bakal ndadekake universitas sing duwe Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa utawa Jurusan Pendidikan Bahsa dan Sastra Jawa bakal ora payu.
Nalika pawiyatan luhur basa lan sastra Jawa ora payu, ateges budaya Jawa bakal kelangan pangudi ilmu basa lan sastra Jawa. Kahanan mangkene iki anjoge ora liya basa Jawa bakal mati lan wusana budaya Jawa uga bakal enggal angslup, wusana mati.
Sumber: Ichwan Prasetyo/JIBI/SOLOPOS

CERKAK: Ngayawara

Bubar udan sewengi kahanan kampus krasa adhem. Sesuketan sing dhek wingi katon garing mekingking saiki luwih seger. Manuk prenjak methuk mletheke srengenge kanthi swara kang cemengkling, prenjek,.. prenjek,.. prenjek, thiir… Taksawang para mahasiswa padha luwih sigrak anggone mlaku nuju papan kuliyahe dhewe-dhewe.
“Wik… nunut!” bengokku marang Wiwik sing numpak skutik anyar werna abang ati. Dheweke mandheg karo mesem,”Durung tekan kirimane?” pitakone marang aku. Aku ora wangsulan terus nyengklak ning boncengan mburi.
“Sajake Bapakku lagi kerepotan meneh. Nganti kliwat sepuluh dina kok durung tekan kirimanku.”
“Mula dadi mahasiswa kudu akeh akale, guwangen rasa isin lan pekewuh, iki kahanan darurat!” ujare Wiwik kaya dhek wingi.
Kekancan karo Wiwik kanggoku gampang-gampang angel. Sing penting tetep waspada. Kenya ayu iku pancen bisa tak upamakake setan kang arupa malaikat, ing suwalike watak kang seneng nulung, sajake duwe karep ala kang sinandi.
Nurut critane, wong tuwane ing desa ora beda adoh karo kahanane wong tuwaku, tani uthun. Hla kok gelange anyar. Hla kok skutike anyar Ah…ora nggagas kahanane wong liya, grenengku dhewe.
“Wis ndang mudhun, aku arep nyang perpustakaan dhisik!” ujare karo ngerem skutike.
Trims, ya,” wangsulanku karo nyablek gegere. Dina iki aku kudu ngrampungke tugasku neng laboratorium, kandhutan protein wijen sing tak tliti kurang pas. Dadi mahasiswa teknik pangan ngono saiki kudu pinter lan enthengan.
Akeh pangan modheren kang ngandhut pengawet, pewarna lan panambah rasa kang mbebayani tumrap kasarasan awak. Aku kudu menehi tuladaha apik marang masyarakat. Sakapik-apike panganan kanggo manungsa yaiku panganan kang asipat alami, ora nganggo tambahan bahan kimia kang mbebayani.

****

Kranjang gedhe takcangking. Rada abot nanging kepiye meneh. Iki wis dadi niyatk. Dina iki daganganku kudu entek. “Tempe Dhele Resik” mangkono jenenge daganganku. Pancen wujude ora beda adoh karo tempe dhele biyasa nanging tak gawe kanthi cara resik lan sehat.
Swara-swara kang sajake ngece lan ngina ajeg taktampa. Mahasiswa kok dodolan tempe. Iki tempe tenan apa tempe tempenan? “Dhuh Gusti Allah, paringana kekiyatan manah kula,” sambatku marang Kang Gawe Urip.
Rasane aku ora kuwat krungu swara-swara mau. Kepegsa anggonku bakulan dodol tempe tak lereni. Aku kudu golek cara liya kanggo nyambung urip aneng paran iki. Kang luwih utama aku kudu bisa lulus. Sore iku aku budhal menyang Kampung Jebres, saperlu menehi les privat.
“Eh, Mbak Narti. Tak kira yen lali,” aruhe sawenehing wanita dewasa karo mbukak lawang. Dina iki dina kang sepisan aku menehi les privat marang murid SMA kelas loro. Asile lumayan kena kanggo nyambung urip. Apamaneh suguhan wedang lan panganan ajeg.
Kudune gaweyan iki kang cocog dhewe Ya menehi les privat kaya ngene iki. Nanging ora mesthi ajeg ana sing mbutuhake. Panguripanku kaya ubenge rodha. Esuk kuliyah, sore menehi les privat, wengi sinau nganti tengah wengi. Kabeh bisa mlaku kanthi lancar.
Meh setaun aku menehi les privat marang. Bijine Eni, muridku kuwi, dadi luwih apik. Wong tuwane tambah gemati marang aku. Nanging, embuh apa jalarane, sore iku ulate sajak ngemu perbawa kang kurang apik marang awakku,
”Maaf ya mbak, sebetulnya saya cocok sama mbak, tapi biar Eni dikasih les privat oleh orang lain aja!” kandhane Bu Leli marang aku karo menehake honorku.
Wah iki mesthi ana sing ora beres. Genah aku kena pitenah. Sore iku aku ora bisa ketemu karo muridku, Eni, kanggo nakokake apa kang kedadeyan. Karo nangis aku mulih nuju papan kosku. Tak brukke awak kang lagi sial iki.
“Gusti, punapa lepat kula kok nglampahi kahanan ingkang mekaten?”
Dhuwit wis nipis. Sajake bapak ibu pancen wis kentekan akal golek dhuwit kanggo aku. Tujune ragat kuliyah wis gratis. Aku rumangsa ketantang kahanan. Cacing neng njero lemah wae bisa urip, yagene aku kang dititahake dadi menungsa ora bisa setiyar? Eling hlo sedhela meneh kowe wis nyandhang gelar sarjana teknologi pertanian, STP.
Lagi nggagas tekan semono ana malaikat teka neng papan kosku. Aku kudu waspada iki malaikat apa setan? Wiwik mlebu omah karo nyangking tas kresek.
“Nyoh…bakmi goreng, ndang dipangan!” guneme karo njejeri aku lungguh.
Sakjane ana rasa abot yen kudu mangan bakmi kuwi nanging yen ora takpangan ya ora kepenak neng ati bisa nyinggung rasa pangrasane. Bakmi goreng mau rasane sepa. Embuh apa sababe. Atiku ora sreg.
“Piye sida butuh dhuwit apa ora? Iki mumpung ana kalodhangan?” kandhane Wiwik karo klesik-klesik.
“Penggaweyane ora abot kok, ora-orane yen ana sing ngerteni.”
Aku ora mangsuli, mlebu kolah sakprelu wudu. Bubar wudu terus njupuk rukuh lan salat. Aggonku maca Alfatihah sengaja tak banterke kareben Wiwik krungu.
Rampung salat terus dikir, taksuwe-suwene. Aku nyadhong pituduhe Gusti Allah. Atiku wis krasa yen pangajake Wiwik amung nuju dalan kang ora salaras kalawan prentahe Gusti Allah. Durung rampung anggonku dikir keprungu swara skutik ninggalake papan kosku. Wiwik wis lunga.
“Alhamdulillah,” puji sukur tak aturake marang Gusti Kang Paring Pepadhang. Aku ngerti menawa Wiwik nesu. Ya ben, iki kabeh dudu salahku. Bakmi goreng tak buntel terus takguwang menyang pawuhan. Saeba kagete esuk iku bareng aneng lawang omah papan kosku ana templekan kertas kanthi ukara “Ayam kampus for sale”.

****

Sasi kang tak arep-arep wis teka. Ramadan 1433 H. Sasi kang diarep-arep kabeh muslim, luwih-Iuwih para mahasiswa kang urip aneng paran kaya aku iki. Ramadan ateges ngirit. Bisa pasa sesasi tanpa ngetokake ragat.
Saben wancine buka aku wis dikiran aneng masjid karo nunggu takjilan. Lumayan, ora mung kolak karo panganan, nanging sega kerdhusan ajeg ana. “Mbak Narti, aja lali hlo, mengko bar tarawih menyang omahku,” Bu Fatimah nggandheng tanganku.
“Wonten acara punapa ta Bu?”
“Ya mengko tak kandhani, saiki kegiyatan kampus rak wis sela ta?”
“Sampun Bu, kula sakniki dados pengangguran, namung nengga wisudha,” wangsulanku kanthi seneng.
Bubar tarawih aku mbalekake rukuh menyang papan kos, terus nuju daleme Bu Fatimah. Taksawang Bu Fatimah wis ngenteni neng ngarep lawang.
“Assalamualaikum,” salamku marang Bu Fatimah.
“Waalaikumussalam,” wangsulane Bu Fatimah terus nggandheng tanganku ngajak mlebu omah.
“Dadi saiki Nak Narti wis lulus ya?”
“Inggih, sampun lulus Bu, awit saking pangestunipun Bu Fat sakulawarga.”
“Alhamdulillah, aku melu seneng, terus sabanjure ngapa?”
Krungu pitakonan mau aku dadi bingung. Sejatine isih ana rasa kepengin nerusake kuliyah nanging ragat saka ngendi? Yen arep golek gaweyan kok ya ora gampang.
“Ngene Iho Nak Narti, iki yen Nak Narti setuju, aku duwe ragat sethithik kena kanggo ragat kuliyah S2, piye cocog ora karo penemune Ibu?”
Aku ora bisa wangsulan. Swaraku kaya mandheg aneng gorokan.
“Saestu, Bu?”
Bu Fatimah marani karo ngrungket awakku.
”Nak Narti takanggep kaya anakku dhewe”.
“Matur nuwun Bu,” tangisku lan tangise Bu Fatimah amor dadi siji.
Sumber: Anis Asmediana/JIBI/SOLOPOS

CERKAK : Sawah

Sesawangan esuk iku katon endah banget, kekembangan padha megrok kaya mapag mletheke sang surya. Sasi Nopember lagi ana udan siji loro kang niba, mula among tani lagi wani nyebar winih.
Beda karo kanca tani liyane, saiki Pak Wandi ora menyang sawah, sawahe wis dilempit. Ana rasa bingung dadi wong sugih anyaran, dhuwit dodolan sawah isih ana bank cacahe setengah milyar rupiyah.
”Jare arep tuku mobil, Kang?” aruhe Pak Tarman karo nyesep rokoke.
”Karepku mono arep tak tukokke sawah njaban desa, rak luwih murah, dadi aku isih bisa nyambut gawe. Dene yen ana turahane dhuwit lagi ditukokake mobil sekenan kena kanggo omprengan ben dicekel si Bambang”.
”Hla, apa wis tarenan karo anakmu lanang?”
“Wo… bocah saiki angel kandhanane, jare tuku mobil iku sing anyar sisan ben kena nggo carteran.”
Wong saomah padha duwe penemu dhewe-dhewe. Sing enom pengin mobil. Mbokne Bambang njaluk kalung. Anake wadon pengin pit montor sekutik. Pak Wandi dadi sansaya bingung. Jebul nyekel dhuwit akeh iku malah sedhih.
Biyasane wayah esuk ngene iki wis aneng sawah, embuh ndhangir embuh matun, embuh ngrabuk. Pokoke ana wae pagaweyan sing diayahi. Urip dadi wong tani sejatine kebak kabagyan lan kanugrahan. Ati tentrem ora ngangsa sanadyan asile sithik.
Lagi weruh tandurane thukul ijo royo-royo wae wis nyicil ayem. Weruh pari padha kematak dadi bisa ngguyu. Nyawang pari wis kuning wis bisa ngrancang asil panenan kanggo tuku apa ta apa. Bareng saiki? Pak Wandi nyecep kopi cawisan esuk mau sing durung disenggol.
Jebul donya iki mung sawang sinawang. Wong tani yen nyawang wong dagang jare rasane penak banget, pagaweyane entheng bathine sakumbrug. Para bakul nyawang pegawe negri ya padha meri. Jare linggihan neng kantor wae bayarane saben tahun mundhak, tur oleh pensiun.
Suwalike sing dadi pegawe negri padha meri yen nyawang juragan gedhe saben dina numpak mobil mlebu metu menyang bank njupuk dhuwit yutan rupiyah. Nanging embuh nyatane sing bener sing endi. Bareng saiki ngrasakake dadi wong sugih, Pak Wandi lagi bisa mbenerake penemune mbiyen: wong tani iku sanadyan ora nyugihi nanging marakake ati tentrem amarga barang sing dipangan kabeh barang kang halal, durung ana critane wong tani padha korupsi.
”Pak, iki ana mobil sekenan ning barange isih apik,” kandhane Bambang karo nyedhaki anggone lungguh.
”Hla, regane pira?”
“Njaluke sangang puluh lima yuta rupiyah, nanging bisa suda.”
Durung putus anggone rembugan bab mobil sekenan wis kedhisikan tekane Lurah Samto sing gaweyane makelaran lemah.
”Dhe, sawah kidul desa ana sing didol. Murah hlo, Dhe. Selak kedhisikan wong liya.”
”Hla ambane pira lan isih ana irigasi apa ora?”
“Beres kok, Dhe. Ambane kurang luwih patang ewu meter persagi lan isih kebanyon saka irigasi desa”.
Krungu rembugane Lurah Samto mau Pak Wandi luwih ketarik atine. Jebul urip neng desa yen ora nyekel pacul malah atine sedhih. Gampang katerak lelara. Krungu rembugane Pak Lurah karo bapake mau Bambang atine kuwatir, sumelang bapake kena pengaruh.
Lurah Samto wis nyathut dhuwite rakyat sing oleh ganti rugi proyek ratan tol. Jare kanggo ragat administrasi. Atine Pak Wandi wis manteb dhuwit dodolan sawah kudu diwujudake sawah meneh.
”Hla, njaluke pira ta, Pak Lurah?”
”Njaluke rongatus seket yuta rupiyah. Iki aku omong apa anane. Dene yen kedadeyan aku pikiren hlo!” wangsulane Lurah Samto blaka.
”Lha kok dhuwur temen. Kok kaya sawah katerak proyek.”
”Ya mengko omonga dhewe karo sing duwe. Aku mung nglantarake.”
Sapungkure Lurah Samto, Bambang nyedhaki bapake.
”Rasah nggugu omongan Lurah Samto, Bapak wis ngerti ta gedhohane?”
Proyek dalan tol Semarang-Solo-Kertosono gawe geger wong tani. Akeh wong sugih dadakan, nanging akeh wong nganggur dadakan. Para kadang tani sing saben dina ana sawah saiki mung thenguk-thenguk ngekep dhengkul. Sanadyan sugih dhuwit nanging atine susah. Sanadyan bisa nyawang anak-anake padha numpak pit montor nanging atine tambah ketar-ketir.
Sanadyan bisa nyawang bojone padha nganggo gelang kalung nanging atine malah miris, aja-aja mengko malah dijambret. Durung genep telung sasi celengane Pak Wandi gari telung atus yuta rupiyah. Atine tambah sumelang. Nganti seprene durung oleh sawah anyar.
Reregan sawah sansaya dhuwur. Pawadane werna-werna. Jare sakiwa tengene dalan tol arep kanggo proyek perumahan mewah. Jare sawah kono bakal dienggo proyek pabrik. Kabar ndedele reregan sawah kanggone Pak Wandi nambahi kumat lelarane.
Ing pikirane Pak Wandi saiki desa-desa kebak makelar lemah. Jare arep nukoni lemah sawah kanthi rega luwih dhuwur tinimbang sesuk yen sing ngregani pamarentah. Pamarentah sajake mung mikir kabutuhane wong sugih dhuwit. Pamarentah mung mikir investor saka njaban rangkah.
Dalan-dalan dijembarake kareben trek lan montor bisa liwat. Ora preduli nrajang sawahe para tani. Ora preduli nerak omahe wong cilik. Ora preduli nrabas kuburane para leluhur. Sing penting dalan tol kudu ndang rampung.
Sanadyan rakyat entuk ganti rugi nanging ora mikir kanthi dawa. Apa wong tani wis siyap nampa owah-owahan kahanan? Negara Indonesia iki negara agraris. Tegal sawah dudu mung sumber pangan nanging uga sumber panguripan.
Mbok dalan iki dijembarake sepira ambane tetep wae ora amot yen pabrik mobil terus diidini gawe mobil tanpa ana watesan. Sawangen dalan gedhe kae saiki kebak mobil lan motor tanpa kendhat pada rebut banter, malah ora sethithik nyawane menungsa mung kaya nyawane pitik saben dina keplindhes rodha.

***
Pak Wandi nyawang sawahe sing saiki wis ucul saka tangane. Ing papan kono ndhisik dheweke adus kringet nggarap sawah kanggo kulawargane. Nanging, saiki Pak Wandi mung bisa nyawang buldoser ngratakake watu lan gesik kanggo dhasaran dalan tol. Let sedhela stom liwat wira-wiri ngalusake dalan aspal mau.
Pikirane mumet nggagas owah-owahan jaman kang sejatine ora disarujuki, nanging wong cilik ongklak angklik bisane mung manut karo wong dhuwuran.
”Pak minggir aja, neng kono, ketabrak modar kowe!” swarane mandhor proyek dalan mau ngabangake kupinge.
”Yen aku emoh minggir kowe arep ngapa,” wangsulane Pak Wandi karo malang kerik.
Weruh tumindake Pak Wandi sing nekat mau mandhore proyek nglarak Pak Wandi sarana kasar,”Minggir apa tak laporke polisi!”
Ing pangrasane Pak Wandi ana wong pirang-pirang padha ngruyuk dhewehe. Pak Wandi owa trima diremehake ati lanange. Dheweke mbrontak kanthi males sakbisa-bisane. Watu krikil ing pinggir dalan mau dadi gaman kanggo males. Wat-wut Pak Wandi anggone mbandhemi wong-wong mau karo bengok-bengok,”Balekna sawahku, balekna sawahku. Aku ora butuh dalan tol. Ora sudi aku nampa dhuwitmu. Aku ora butuh pembangunan kang nyengsarakake wong cilik. Kowe dudu pemimpinku. Kowe mung ngapusi aku. Ayo dha minggato yen ora kepengin mati saka tanganku.”
Tumindak lan swarane Pak wandi sansaya suwe sansaya nggegirisi. Ora let sawetara ana rombongan polisi teka. Pak Wandi dicekel lan digawa lunga menyang kutha.
***

Mbuh wis pirang dina anggone mapan ana kono, Pak Wandi lagi eling, rumangsane dina iku atine krasa rada tentrem, awake krasa kepenak.
”Piye Pak rasane awakmu, wis kepenak ta?” pitakone Bambang karo ngelus-elus sikile bapake. Let sedhela ana perawat rumah sakit mara nggawa obat karo ngulungake wedang.
”Wis waras, Pak? Mangsa pirang-pirang dina kok turu thok,” pitakone juru rawat RSJ mau karo mesem.
”Wis krasa ayem atiku, rasane awakku ya wis entheng, hla iki aku aneng ngendi ta?”
”Bapak lagi lara, iki ana rumah sakit, wis gek wedang lan obate ndang diombe.”
“Hla aku lara apa ta? Wong karepku esuk mau arep macul neng sawah kok wong-wong padha nyekel aku.”
“Sawahe Bapak saiki aneng kidul desa, wingi wis tak sebari winih Pak, mengko Bapak bisa nggarap.”
“Ya ayo aku terna mulih, ndang tak garape sawahe, wiwit mbiyen aku ora setuju dalan tol iku.”
Awan iku dhokter kang mriksa Pak Wandi maringi resep anyar. Ngendhikane rong dina maneh Pak Wandi wis diidini bali mulih sauger neng ngomah diwenehi gaweyan aneng sawah. Dheweke ora lara abot nanging mung bingung.
Sumedi, Dedunung ing Madegondo RT 004/RW 002, Madegondo, Grogol, Sukoharjo
Sumber: solopos.com

PAGESANGAN: Semat, Drajat, Karamat

Dening: Adi Deswijaya
Raosing manah manungsa ing donya punika wonten kalih warni, inggih punika susah tuwin bingah. Susah mratandhakaken raosing manah ingkang boten sakeca, wondene bingah nedahaken raosing manah ingkang sakeca.
Ingkang nuwuhaken raos susah saha bingah kalawau awit saking kasembadan utawi boten kasembadanipun punapa ingkang dipun sedya. Wonten salebeting naskah Uran-uran Begja anggitanipun Ki Ageng Suryomentaram kaandharaken bilih lairipun kekajenganipun manungsa wonten tigang warni, inggih punika: semat, drajat tuwin karamat.
Semat inggih punika ngupados kasugihan. Kasugihan wonten ing ngriki nedahaken bilih gadhah bandha ingkang kalangkung kathah utawi sarwi kacekapan gesangipun. Punapa-punapa saged katumbas kanthi arta.
Ananging kasunyatanipun wonten saperangan tiyang ingkang sampun dipun paringi bandha kalangkung kathah dening Gusti Ingkang Maha Kawasa meksa taksih dereng trimah, kapengin ingkang langkung kathah malih.
Papenginan ingkang kalangkung inggil kalawau wusananipun boten saged kagayuh, tundhonipun kathah manungsa ingkang sami nindakaken salingkuhan arta (korupsi), wekasanipun susah utawi sangsara ingkang dipun prangguli.
Drajat inggih punika ngupados kamonceran amrih luhur. Manungsa, menawi gadhah sedya kadhangkala boten saged dipun penggak. Kanthi cara ngginakaken kawasisanipun utawi kapinteranipun piyambak, manungsa saged ngupados kalenggahan wonten salebeting padamelanipun.
Menawi sampun saged kagayuh ingkang dipun sedya kalawau tuwuh malih raos manah kapengin gadhah kalenggahan ingkang langkung luhur saking saderengipun. Papenginan kados kalawau ngantos wongsal-wangsul, tundhonipun mesthi dumugi papenginan ingkang boten saged jinangka.
Punika kados ingkang dipun andharaken wonten salebeting naskah Uran-uran Begja, inggih punika ”golek dadi ratuning jim/pri prayangan kutu-kutu walang taga”. Papenginan kados makaten mesthi boten saged kalampahan, satemah nemahi susah utawi sangsara.
Karamat inggih punika ngupados kadigdayan. Wonten televisi, ariwarti, utawi kalawarti sampun kathah sanget ingkang mawartakaken ulah kadigdayanipun manungsa. Naskah Uran-uran Begja, pupuh Pocung pada 13-14 ngandharaken bilih ”pama sira golek bisa mabur semprung kalamun kalakyan, mulur golek ambles bumi, yen kalakyan golek bisa, ngrogoh sukma,    mulur-mulur kongsi tutug enggonipun, pesthi tan kalakyan”.
Papenginan kadigdayan ingkang kalangkung inggil wusananipun boten saged kalampahan, susah ingkang dipun panggihi. Ancasing anggadhahi kadigdayan ingkang suwaunipun namung kangge njagi dhiri pribadi saking tumindak alaning tiyang sanes, samangke ewah namung kangge gagah-gagahan utawi pamer-pameran dhateng tiyang ngakathah.
Taksih magepokan kaliyan semat, drajat, tuwin karamat, wonten salebeting naskah Uran-uran Begja, Ki Ageng Suryomentaram ugi ngandharaken bilih tiyang sugih punika sayekti badhe bingah menawi mindhak kasugihanipun, ananging kosokwangsulipun tiyang sugih punika sayekti badhe susah menawi sansaya suda kasugihanipun.
Tiyang malarat sayekti badhe bingah manawi sangsaya suda malaratipun, ananging kosokwangsulipun badhe susah manawi sangsaya mindhak malaratipun.
Tiyang wasis utawi pinter sayekti badhe bingah manawi mindhak kawasisanipun, ananging kosokwangsulipun tiyang wasis utawi pinter punika badhe susah manawi wonten ingkang ngungkuli. Tiyang bodho utawi cubluk sayekti badhe bingah manawi sangsaya kirang bodhonipun, ananging kosokwangsulipun badhe susah manawi boten wonten ingkang ngungkuli.
Tiyang becik sayekti badhe bingah manawi saged damel raharja, ananging kosokwangsulipun badhe nandhang susah manawi anggenipun damel becik boten saged kasil. Tiyang ala badhe nemahi bingah manawi tumindakipun dora utawi goroh saged kasembadan moncer boten wonten tandhingipun, ananging kosokwangsulipun badhe nandhang susah manawi  tumindakipun dora katitik pialanipun.
Sadaya kekajengan manungsa ingkang boten adhedhasar nrima ing pandum kados ing nginggil kalawau badhe nuwuhaken sedya ingkang ngambra-ambra, ingkang wusananipun boten saged jinangka, tuwin tundhonipun nemahi gesang ingkang kalangkung susah utawi sangsara.
Pramila, bingah susahing manungsa punika gumantung saking kadospundi cara meper kekajenganipun piyambak, sampun nrimah punapa dereng  utawi sampun marem punapa kirang marem.
Sumber: solopos.com

Basa Jawa Lagi Wae Tangi, Aja Dipateni

Wulangan Basa Jawa kasunyatane tetep bisa disinaoni dening para siswa sanajan akeh sing kandha angel. Angel kuwi amarga ora kulina. Alfian, siswa kelas VI sawijining  SD ing Kartasura, Sukoharjo, ngandharake lamun dheweke pancen durung apal aksara Jawa, nanging wus bisa nulis lan maca aksara Jawa.
Saben minggu, deweke sinau basa Jawa ing sekolahan,  rong jam wulangan ing kelas. Sing disinau yakuwi basa Jawa ngoko nganti krama, macapat, tembang-tembang dolanan, geguritan lan nulis aksara Jawa. Ing omah, dheweke uga sinau dhewe, gladhen latihan nulis aksara Jawa.
”Ora angel banget. Bijiku 7,5,” ujare bocah umur 11 taun kuwi. Sinau nulis lan maca aksara Jawa ora cukup yen mung ing njero kelas. Para siswa kudu gladhen lan sinau nulis lan maca aksara Jawa ing omah utawa ing sanjabane kelas.
Para wongtuwa apike uga melu mulang basa Jawa anak-anake kanthi ngetrapake unggah ungguh basa, ngoko nganti krama inggil, ing wewengkon kulawarga. Miturut dwija Basa Jawa lan anggota Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa Sragen, Eko Wahyudi, sinau basa Jawa ing sekolahan pancen ora cukup.
Wulangan kanggo nggayuh kompetensi ngrungokake cerita basa Jawa, nulis abasa Jawa ing aksara Latin lan nulis aksara Jawa durung bisa temen-temen dikuwasani dening para siswa yen mung ngendelake wulangan ing sekolahan.
”Nulis ’cara’ dadi ’coro’. Pancen nggumunake, basane dhewe, nanging ora gampang disinaoni,” pratelane Eko nalika wawancara kalawan Espos, Senen (31/12).
Miturut lulusan Universitas Veteran Bangun Nusantara (Univet Bantara) Sukoharjo iki, pemerintah samestine melu preduli marang basa dhaerah. Basa dhaerah kuwi basa ibu kang ngandhut wulangan luhur gegayutan tata urip lan panguripan ing tlatlah tartamtu. Menawa wulangan Basa Jawa kajabel saka kurikulum 2013, miturut Eko, kuwi genah ora trep kalawan jati dhiri budaya.
“Prelu ana krenah anyar ing pawiyatan Basa Jawa. Ora mung sinau saka buku lan lungguh ing njero kelas. Kudu luwih modheren. Bisa ditrapake ing kesenian-kesenian. Para siswa mbabar pentas seni lan budaya abasa Jawa. Lakon, basa lan critane  kabeh diracik para siswa. Utawa tata cara liyane kang luwih becik lan ngandhut pendhidhikan,” piterange Eko.
Miturut dhosen Basa Jawa ing Univet Bantara Sukoharjo, Bambang Ikhwanto, kurikulum saiki kang ditrapake prelu diowahi, prelu didandani. Owah-owahane kang wigati yakuwi nglebokake pendhidhikan karakter bangsa, Pancasila lan religiositas ing kurikulum. Nanging owah-owahan iki aja nganti ngilangi wulangan Basa Jawa sakakurikulum.
”Owah-owahan saprelune wae supaya para siswa ora kabotan sinau Basa Jawa kang akeh banget isine, nanging ora diwenehi wektu kang cukup. Luwih becik kurikulum sing ora ngabot-boti siswa,” pratelane Bambang.
Bambang ngandharake kurikulum wulangan Basa Jawa SD saiki ngandhut akeh banget kompetensi sing kudu kagayuh. Kuwi kabeh jan-jane bisa diringkas, sabanjure kuwi ditambahi pendhidhikan karakter bangsa.
Sumber: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS

Jumat, 04 Januari 2013

KURIKULUM 2013: Mapel Bahasa Daerah Tetap Ada

JAKARTA – Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Mohammad Nuh mengatakan mata pelajaran bahasa daerah tetap ada dalam kurikulum 2013.
“Bahasa daerah tetap ada yakni di kolom kurikulum seni budaya dan prakarya,” ujar Mendikbud di Jakarta, Kamis (3/1/2013).
Bahasa daerah dan kelompok muatan lokal lainnya tetap terbuka untuk dimasukkan ke kurikulum. “Seni budaya diberi empat jam. Jadi bisa memasukkan bahasa daerah,” tambah dia.
Mata pelajaran bahasa daerah, lanjut Nuh, tetap sejajar dengan mata pelajaran yang lain. Kemdikbud akan menyampaikannya ke publik setelah uji publik terumuskan.
“Sekarang banyak yang protes, karena mereka belum jelas mengenai kurikulum baru ini. Kemdikbud akan menyampaikannya ke publik.” Sejumlah guru menolak rancangan kurikulum 2013 karena meniadakan mata pelajaran muatan lokal (mulok) bahasa daerah. Bahkan Gubernur Jawa Barat, Ahmad Heryawan menyatakan akan mengirim surat kepada Mendikbud mengenai hal tersebut. (Sumber: solopos.com)