Jumat, 22 Maret 2013

CERKAK: Pingget

Wewayangan sepisanan ketemu Menur ing kampus isih nandhes ing rasa pangrasaku. Menur kuwi adhi kelasku ing fakultas. Kulitane kuning resik. Eseme ngujiwat. Mripate tansah idhum, gawe adhem ati lanang. Mula akeh Arjuna sing kesengsem, klebu aku.
Ora ngira jebul omahe Menur tunggal desa karo aku. Wektu mahasiswa anyaran, menyang mulih kuliah Menur tansah numpak bis. Biyasane ngadhang bis ing halte ngarep kampus, nuli nyegat bis jurusan Tawangmangu utawa Matesih.
Saka desane Menur, uga desaku, menyang kampus adohe 25 kilometer. Mula aku nawani Menur supaya bisa boncengan bareng. Saben mulih kuliyah aku tansah liwat halte ngarep kampus, saprelu nawani Menur boncengan. Pisan, pindho, telu, Menur klewa-klewa nampik pangajakku.
Nanging, aku tetap tlaten nyedhaki Menur, supaya atine luluh. Aku duwe prinsip, watu atos yen ditetesi banyu saben dina mesthi bakal bolong. Embuh nganti nawani kaping pira, pungkasane atine Menur luluh lan gelem mulih mbonceng bareng aku.
Critane, wengi kuwi ana adicara ing fakultas nganti wengi. Ing wayah wengi kuwi, bis jurusan Tawangmangu wis ora ana maneh. Mula aku nyegat Menur ing lobi fakultas. Ora let suwe Menur mudhun.
Weruh aku ngadeg ing papan kuwi, Menur nuli ngguyu. Ah rasane ati iki dadi adhem kaya kegrujug banyu es yen nyawang Menur mesem. “Dhik bareng aku ya? Bis jurusan ngetan wis ora ana hlo,” kandhaku alon.
Menur mung meneng. Sajak bingung arep wangsulan. Ya apa ora? “Wis barengan wae! Boncengan kana, Nur. Wengi-wengi ngene yen numpak angkutan umum bisa dipangan wewe gombel kowe,” kandhane Evi, kancane Menur, ceplas-ceplos.
Jalaran Menur mung meneng, mula Evi nyuwara maneh. “Ya Mas. Menur gelem diterke mulih. Iki hlo wis ngguya-ngguyu,” ujare Evi sinambi nyurung awake Menur nganti nabrak aku. Tangane Menur ora sengaja nyekel pundhakku.
“Sori…sori, Mas! Ora sengaja. Evi iki hlo, nakal banget,” ujare Menur.
“Ah ora apa-apa. Gelem ya, Dhik, dak terke mulih?” ujarku nanting. Menur nuli manthuk sinambi ngguyu. Ah… wangsulan sing kaya ngene iki sing dak tunggu nganti patang wulan.
Pungkasane, wiwit wengi kuwi Menur tansah dak boncengke budhal lan mulih kuliyah. Aku wiwit akrab marang kulawargane Menur. Luwih saka kuwi, patang wulan candhake Menur resmi dadi pacarku. Disawang saka solah bawa bapak lan ibune, sajake sarujuk yen Menur dak wengku dadi sisihanku ing tembe mburine.
Nanging, kuwi kabeh lelakon sakdurunge pemilihan kepala desa (pilkades). Rong wulan sakdurunge coblosan, sesambungan asmara sing wis karajut rong taun kuwi ambyar dadi sawalang-walang. Dudu perkara pribadi aku lan Menur, nanging ana gandheng cenenge karo kahanan politik desa.
Beda pilihan calon kepala desa (kades) sing njalari sesrawunganku karo bapake Menur dadi panas. Critane, ing pilkades desaku aku kadhapuk dadi tim suksese Mas Broto. Mas Broto kuwi kakange Bima, kancaku SMA, sing omahe nunggal desa nanging beda kebayanan.
Sesrawunganku karo keluargane Bima pancen raket. Bima dak anggep kayadene sedulur kandung. Bapak ibune Broto dak anggep kaya bapa biyungku dhewe. Semana uga Mas Broto dak anggep kayadene kangmasku kandhung.
Mula lumrah yen aku nyengkuyung lan ngewangi Mas Broto sing njago dadi lurah ing desaku. Ora lumrah yen aku nyengkuyung calon kades liyane. Lumrah uga aku pidhato makantar-kantar kanggo nyengkuyung Mas Broto.
“Mas Broto punika priyayi pinter, resik lan religius. Programipun nggih sae. Ngajak nem-neman dhusun supados sengkut mbangun pertanian desa,” kandhaku ing warung angkringan. Ing panggonan ngendi wae aku tansah promosi Mas Broto.
Nanging sing dadi perkara, jebul sedulure Menur uga ana sing nyalon dadi kades yakuwi Mas Darno. Mas Darno kuwi ponakane bapake Menur. Ya lumrah wae yen kulawargane Menur nyengkuyung ponakane dadi kepala desa. Nanging sing ora lumrah kuwi sesambunganku karo Menur dadi gonjang-ganjing kesampluk ombak demokrasi pilkades.
Aku ditanting bapake Menur.
“Sliramu milih pacar apa milih kanca?” pitakone.
Iki pilihan sing abot. Sejatine ora bisa kaya ngono kuwi.
“Sakjane rak ya bisa milah-milah. Endi sing ranah politik? Endi sing ranah asmara? Hla yen kabeh dicampur adhuk, njalari laraning atiku,” batinku nelangsa. Ora ngira yen lelakone dadi kaya ngene.
“Lagi pacaran wae wis wani brontak calon maratuwa! Hla yen wis resmi dadi anak mantu, mesthi bakal nindhes maratuwa!” ngana ukara sing tekan kupingku. Menur dipegsa kulawargane supaya medhot sesambungan katresnan kalawan aku. Kanggone Menur lan kanggoku iki kahanan sing abot.
“Mas, iki kabeh dudu karepku. Nanging, aku ora bisa menggak putusan kulawargaku,” ujare kanthi mingseg-mingseg ing telpon.
Sawise kuwi aku ora bisa mboncengke Menur maneh. Uga ora bisa dolan menyang omahe Menur. Aja maneh ngambah omahe Menur, liwat ngarep omahe Menur wae aku mesthi dialang-alangi. Aku nate nyoba liwat ngarep omah, nanging dicegat pawongan supaya mbalik nengen.
Kahanan desa nyedhaki dina coblosan sansaya panas. Aku didakwa ngelek-elek calon kades Mas Darno, kangmase nakdulur Menur. Pungkasane atine kulawargane Menur dadi pingget, lara ati. Jare, kok tega-tegane? Kok mentalane aku ngelek-elek Mas Darno?
Pungkasane kulawargane Menur dadi tambah nesu, sansaya gething marang aku. “Gek sapa wong sing nyebar wisa ora nggenah kuwi?” batinku nggrantes. Sejatine sak ukara wae aku ora nate ngelek-elek Mas Darno. Patrap lan watakku ora kaya ngono kuwi.
Rampung pilkades kahanan desa sing maune panas bali adhem ayem maneh. Sing atine tatu, wis wiwit pulih maneh. Nanging sesambungan asmaraku tetep wae panas. Kulawargane Menur wis kebacut pingget atine lan ora gelem nampa aku maneh.
Aku ngerti sejatine Menur isih tresna. Nanging, yen saben dina dipenggak bapak ibune supaya ora sesambungan karo aku, suwe-suwe rasa tresna sing wis thukul ngrembaka ing atine Menur mesthi bakal punthes tan bisa semi maneh.
Sawijining wengi telpon gegemku muni. Jebul saka Menur. Aku kaget! Apa ana sing wigati? “Mas iki Bapak gerah ning rumah sakit, kowe mrenea saiki, Mas. Tulungana bapakku. Bapak butuh darah segar. Mung getihmu sing cocog, Mas!” kandhane Menur gupuh sinambi nangis.
Menur crita wis ana pirang-pirang pawongan sing arep donor darah marang bapake, nanging ora ana sing cocog. Pancen golongan darah kuwi klebu ora akeh sing nduweni. Mula tanpa mikir werna-werna aku enggal budhal. Niyatku mung siji, arep tetulung. Ora arep memanfaatkan kesempatan dalam kesempitan.
Tekan rumah sakit kahanane wis gawat. HB-ne bapake Menur ndrawasi. Ambegane wis dibantu tabung oksigen. Getihku enggal diteliti ing kantor Palang Merah Indonesia (PMI) sing panggonane ora adoh saka rumah sakit. Cross check. ”Cocog!” kandhaku bungah. Getihku enggal dijupuk lan pungkasane enggal ditranfusi marang bapake Menur.
Rampung kuwi aku enggal pamitan Menur. “Dhik, jalaran wis cukup, aku nyuwun pamit. Salam kagem bapak lan ibu,” kandhaku alon.
“Mas, apa kowe isih nesu karo kulawargaku?” pitakone Menur.
“Ora, Dhik, wiwit biyen mula aku ora nate nesu marang kulawargamu. Aku tansah tresna kulawargamu, mligine sliramu,” ujarku sinambi ambegan landhung.
“Yen ngono aja bali dhisik, Mas. Ibu mau pesen, arep ngendikan wigati karo kowe, Mas,” kandhane Menur kanthi mripat nandhes nyawang aku. Menur enggal mlebu ruang perawatan, nuli metu maneh sinambi nggandheng ibune.
“Matur nuwun ya, Nak. Aja dadi atimu yen wingi-wingi kae Bapak duka marang kowe, amarga krungu kabar sing ora-ora. Nanging pranyata kuwi kabeh ora bener. Jebul ana wong-wong sing patrape kaya Sengkuni, seneng wadul-wadul supaya kisruh. Saiki Bapak lan Ibu wis mangerteni sejatine sliramu kuwi sapa,” ngendikane Ibune Menur.
“Mula, dak jaluk kabeh bisa bali kaya wingi-wingi. Yen arep dolan menyang omah ya mangga. Yen bali maneh kekancan raket karo Menur, Ibu ya tambah seneng. Sing wis ya wis ya, Nak,” ngendikane ibune Menur wicaksana sinambi nyekel pundhakku.
“Nggih Bu, matur nuwun. Sakmanten ugi kula nggih nyuwun pangapunten. Kula nggih nggadhahi lepat. Wiwit mbenjing enjing kula badhe sowan malih wonten dalem. Kula nggih badhe bidhal lan wangsul kuliyah sareng Dhik Nur malih,” ujarku.
Wengi kuwi aku jumangkah metu saka rumah sakit. Langit ing ndhuwur kana katon peteng dhedhet. Nanging atiku padhang njingglang ngrasaake rasa seneng sing ora kinira. Matur nuwun Gusti.

Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Pagupon Kanggo Mbah Pon

 ”Ya wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…” Ora ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu sengon.
Papan sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang puluh tahunan.
Aku dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren. Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup. Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abab. Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee, bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan. Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi? Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa, bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal asam-urat ya ora kuwat.
Swara gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah seseke urip Pak Mantri,  krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa pacoban  mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit  mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon mau.
”Panjenengan kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh, mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing negara iki.
***
Esuk uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo, panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu  nylethuk.
”Ya tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga  bareng-bareng.
Mantene tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye maneh wong jenenge tangga?
Apa maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan, Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan. Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha… Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih tebih, Mbah?” Suradi ora  kuwat nahan gringgingen.
”Kari sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana latar amba.
”Hla kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni. Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan. Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana praupane wanita mau.
Darjo gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh ngeterake…

Dening : Budi Wahyono, Guru SMK N 7 Semarang
Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Landheping Krikil

Dening : Yan Tohari

Langit Kutha Solo awan iku resik, ora kaya dina-dina kepungkur sing amung mendhung angendanu lan pijer nggrejeh wae. Mega tipis pancen ngrenggani akasa, nanging datan nuduhake tenger bakal udan. Angin sumidit alus nilasake hawa seger. Ewasemana tiba kosok-bali tumrap atine Sayekti, dhadhane krasa semumpel, prasasat kinebakan mendhung lelimengan. Anyel, mangkel, sedhih, nesu, campur-adhuk dadi siji.
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget ati, jejering wanita kablenjani tresnane. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal slingkuh sing lanang. Nanging kanyatan iku saiki wis wela-wela gumelar ing ngarepe. Njur sapa bisa kandha lumrah. Embuh, iblis ngendi kang manjing ing atine sing lanang. Mengku wanita kaya Sayekti, sing wis ayu. Kathik darbe pakaryan mesthi, ewasemana isih ngumbar ati baya. Kencut wanita liya.
Jaman pancen wis kliwat gendheng, tatatanan, paugeran, moral lan tata-susila selot dadi bab sing kurang kajen. Akeh sing padha ngidak-idak kautaman, embuh iku sing buruh apa majikan, sing mlarat apa sing sugih, sing nganggur apa pejabat. Mbokmanawa bener, jagade wis arep digulung, giliran akeh manungsa kentekan petung.
Sayekti, kerep katlikung rasa bingung. Banjur bakal tumindak piye dheweke? Mula dina iki dheweke mlayu saka kantor, atine katindhih rasa isin. Kepengin ngipatake rasa sing banget lara iki, pirang-pirang pambudi katindakake nanging kaya methuki dalan buntu. Sansaya mlayu ngadoh, sansaya wela-wela wewayangane sing lanang kang lagi andon tresna klawan wanita liya. Periiih!
“Mbok wis Dhik, aja mbokgawe abot. Harak jagad ora mung sagodhong kelor, priya ora mung Guntara. Isih akeh lho wong lanang liya sing gelem setya. Aku yakin kowe bakal gampang golek gantine. Malah sing luwih saka kuwi,” Murti kanca sakantor ngarih-arih.
“Sajane ya wis dakcoba kanggo kuwi, Mbak. Nanging ati iki tetep wangkal kanggo nampa kanyatan,” Sayekti nanduki klawan mripat kembeng-kembeng.
Pancen Guntara, priya sing wiwit rong taun kepungkur ngisi ati ing dina-dinane dudu perkara gampang kanggo dilalekake. Guntara kanthi pawakan sedheng, pakulitan resik lan brengos tipis iku pindha dermaga mungguh Sayekti. Papan kanggo jumangkah utawa ngluruhake sayah ing sela-selaning dina ngrakit impen uripe. Eman, dermaga iku saiki rubuh, kerut ing ombak lamis.
“Aku ngerti kuwi pancen abot, Dhik Yekti. Lara-laraning atine wanita, yen kacidrani priya sing ditresnani. Mula sing sabar wae ya,” maneh Murti nglipur.
Dudu amung Murti sing semune welas klawan lelakone Sayekti, akeh kanca kantore kang trenyuh. Embuh iku Rina, Damar, luwih-luwih Santosa. Kanca kantore siji iki ora mung cukup welas, nanging melu ngigit-igit klawan trekahe bojone Sayekti.
“Ora idhep eman cah ayu-ayu kok kagawe lara ati,” mangkono grenenge Santosa sawijine dina. “Mbok katimbang disia-sia dilungsurke aku wae, wis mesthi bakal daklela-lela,” celathune Santosa sing pancene isih legan iku kasusul guyune sakanca kabeh.
Mancik tengah dina, kutha Solo tambah sumelet. Ratan Slamet Riyadi sansaya kinebakan kendharaan. Sinawang saka kadohan prasasat padha bujung-binujung, embuh padha mbeburu apa. Siji lan sijine kaya terus adu banter, adu dhisik, kaya kaselak katinggal wektu. Kaselak ora komanan marang apa sing padha dadi rebutan dina iku. Bledig binledig, njarah pepenginan. Ing kutha iki selot angel nemokake ati sareh, sabar lan sumeleh.
Semono uga rasa kang terus kabudi dening Sayekti, kanggo sabar ngadhepi lelakon kang katemben nyandhung uripe tetep angel kacandhak. Dhadhane tetep kinebakan rasa goreh, mangkel lan nesu. Wis pirang-pirang dina mbudi kanggo sabar tetep wae cabar. Ana rasa kang loruu.., periiih.., sing angel dikipatake.
Saiki jangkahe Sayekti mancik ing undhak-undhakan sawijine mall sing kondhang gedhe ing Kutha Bengawan iki. Dheweke mecaki jrambah klawan ati suwung. Senadyan kiwa lan tengene pating sliri pawongan kang padha ngumbar mata golek panglipur. Ewasemana Sayekti rumangsa katindhih sepi. Prasasat kabeh sing sinawang katon wong-wong asing kang ora ditepungi. Wong-wong mau padha sesliweran, embuh mbeburu apa ana papan kang kaanggep super mewah iku.
Semu. Wong-wong saiki amung kapincut semu. Papan mewah iki amung dhapur ngandelake rasa goroh. Mall mentereng klawan barang-barang larang lan luks satemene lamis wae. Wong-wong sing teka kuwi satemene nyelaki batine. Dudu iki sakjane sing dibutuhake dening ati. Kabagyan mono tetep manggon ing kaprasajan. Apa anane. Njur apa tegese wong-wong iku teka kene, yen sing ana iki satemene ora nate bisa paweh pemarem? Suwalike tambah gawe sansaya ngelak.
Mbokmanawa mangkono uga kang saiki nguwasani atine Guntara, kanggo apa dheweke kecanthol wanita liya. Njur golek apa? Guntara sajake kapeksa nggorohi atine dhewe. Ing sisihe wanita kang setya kathik kecanthol wanita liya kang durung genah apa sing ana jroning atine. Guntara mbokmanawa kalebu priya kang ora gelem sinau marang apa kang wis akeh kelakon. Ora mung uripe, ajining dhiri, bisa-bisa kalungguhan katut kerut awit panggodhaning tresna lamis.
“Sayekti…, bener iki Sayekti ta?” dumadakan swara iki teka lan medhot pikirane Sayekti sing lagi kabandhang ing lamunan.
Sayekti nanduki klawan manthuk alon lan cukup mesem tipis.
“Eh, kowe lali ta, Yekti? Aku kanca SMA, Riyan? Riyan sing kulina nggodha awakmu biyen,” priya sing ngaku Riyan mau nuli lungguh ing kursi sangarepe Sayekti.
“Iya aku eling, kowe Riyan ta?” sabanjure Sayekti nanduki.
“Sokur kowe eling, Yek. Trus, geneya kowe ana kene ijen? Lagi rolasan, tugas apa nglipur ati ya, kok sajak suntrut? Apa…,?”
“E, trus piye nggonku mangsuli kok pitakonmu mbrubul ngono,” Sayekti munggel.
“Oya, sepurane. Terlalu semangat,” Riyan mesem kecut.
Nuli sakarone kanca lawas mau padha kabadhang ing lelakon kawuri. Salumrahe kanca lawas sing ora nate ketemu lan saiki bisa sapejagong. Mulane karasa kaku, wektu candhake Sayekti kaya nemu panglipur. Satemah sawetara lali marang lelakon peteng kang nindhih uripe. Ndilalahe Riyan kalebu pribadi sing gumyak, sumanak lan lucu. Malah patemon dina kuwi asring kasambung ing dina- dina sabanjure.

***

“Kowe ora ijen, Yek. Ora sithik, embuh wanita apa priya sing wis kacidrani sih tresnane ing jagad iki. Kalebu priya sing ana ngarepmu uga kurban katresnan lamis,” mangkono Riyan nanduki critane Sayekti .
Sayekti nggragap, ora ngira Riyan darbe nasib padha klawan awake.
“Awakmu ditinggal wanita sing mboktresnani?”
“Ora mung ditinggal. Nanging wanita mau uga gawe pitenah. Saengga aku sing didakwa kulawargaku apadene kulawargane sing ngrusak rumah-tangga,“ wangsulane Riyan sing selot gawe Sayekti kaburu ewon pitakon.
Murih Sayekti marem, tumuli Riyan nyritakake kabeh lelakon kang tumempuh ing panguripane. Nganti pungkasane bali urip ijen, malah kudu nanggung anak siji sing katinggal dening ibu sing kudune ngesok sih tresnane. Krungu kuwi kabeh Sayekti amung jegreg. Tan bisa kumecap. Rasane katlikung trenyuh.
Panyawange rumambat ing pang-pang trembesi sing jenggereng ing kompleks Taman Sri Wedari. Atine Sayekti tambah angluh. Geneya kudu mangkono lelakon tresna sing nuli kasandhang manungsa. Endi sing salah, endi sing durung pener. Kamangka saelinge tresna kang karonce klawan Guntara uga ora sadhela. Luwih saka rong taun Sayekti sesambungan rasa klawan Guntara sadurunge netepake kanggo nikah.
“Ati, ati Yek, ati sing keri saka lakon tresna kita sakloron. Bener kandhane para sepuh, yen gegarane wong akrami mono dudu bandha dudu rupa. Tresna mono kudu kawangun kanthi ati. Awit sabenere ing kono dununge kekuwatan. Eman, kita rumangsa keminter lan nyelehake rupa apadene bandha minangka kiblating tresna,” mangkono Riyan nuduhake apa sing luput saka uripe.
“Ning, saiki apa ana wong darbe pikiran ngono,” Sayekti bali kembeng-kembeng.
“Pancen angel, mula ora mokal wangunan bale wisma saiki banget ringkih. Sing ana amung sarwa lamis, saiki tresna sesuk bisa gegethingan. Kamangka sih tresna sing rosa mono sing sansaya cerak klawan ati. Iku kang katuduhake dening para sepuh kita biyen. Nadyan urip sarwa prasaja, nanging gampang ngranggeh kabagyan awit sakalire karacik mawa dayaning ati,” kandhane Riyan selot gawe atine Sayekti ngondhok-ndhok.
Nedhenge loro kanca lawas mau kasok ing ulegane rasa, sambung klawan landheping krikil lelakon uripe dhewe-dhewe, dumadakan kagawe kaget. Ing ratan gedhe sangerep Taman Sri Wedari papan sakarone sapejagong katon wong-wong rame padha nyaketi ing tengah dalan. Malah Sayekti lamat-lamat krungu aloke wong yen mentas wae ana sing nglalu. Kagawa insting wartawan, Riyan age nggandheng sayekti kanggo ngungak apa sing satenane dumadi.
Saiba kagete Sayekti. Datan ngira pawongan kang padha dirubung lan prasasat adus getih sawuse mencolot saka jembatan penyebrangan mau, tetela wong sing salawase iki banget ditepungi.
“Mas Guntara….,” Sayekti jumelih lan sabanjure wis ora eling apa-apa.

Kapetik saking SOLOPOS.COM

CERKAK: Kangen

Dening : Sugiarto B Darmawan
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.”
“Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe mitrane mau.
Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge. Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.
“Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah. Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?”
“Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran,” semaure Parman lirih amarga ngantuk.
Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.
Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.
“Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan  pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi! Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!”
Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen. Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.
“Nanging… ah geneya rembulan  ing dhuwur kae pucet kaya ngana!”
Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet. Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.
“Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?”
“Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana.”
“Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae sansaya pucet cahyane.”
“Min, elinga, Min!” aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.
“Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung.”
“Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan simbokmu maneh.”
“Tenan ya, Man?” swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.
“Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran,” ujare Parman ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.
Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng. Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.
Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana pangkone.
“Man, Parman!” lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.
“Maaaan!” saiki rada banter.
“Heeemm…  ya. Ana apa?” saute Parman aras-arasen.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet.”
Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?
Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.
Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin nglempreg tanpa daya?
“Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!”
“Ya…ya… aku uga mangkono, Min!”
”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!” grenenge Sarmin.
Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…
“Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?”
“Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!” saure Parman kanthi bingung. Tangane ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.
“Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?”
“Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!”
“Oohh… senenge manawa mangkono,” lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.
Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan. Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…
Min…Sarmin! Min…Sarmin…!” Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…
Kapetik saking SOLOPOS.COM