Jumat, 15 Februari 2013

CERKAK: Ing Pesisir Wayah Sore

Alun segara kidul pancen ngedap-edapi. Jumlegure banget rinasa saengga ngremukake swasana ati.   Wiwitane kabar saka sabrang nalika kadang-kadang kita sing pating jlerit memelas ilang kesapu ombak tsunami. Ya amarga saka kabar tsunami kuwi pikirane saiki tansaya kaco, ora jenjem.
Pikiran nglambrang sansaya mbabra nalika wong-wong saomah ndadekake dheweke minangka paran pitakonan. Dudu jawaban sing kudu dipikir nanging kepriye carane nakyinake jawaban sing pancen angel tenan. Malah dheweke kerep muring-muring marang jawabane dhewe.
Kabeh  jawaban iku satemene ya mung kanggo nyenengake wong-wong kuwi, geneya aku kudu ngomong jujur yen wong-wong kuwi ora nate gelem percaya lan marem marang jawabanku?
Ngono atine kandha kaya-kaya nyalahake awake dhewe. Mula kanggo sumingkir saka pitakonan-pitakonan konyol kuwi dheweke kerep ngesok rasa sumpeke marang pesisir ing wayah sore. Manuk-manuk camar dolanan ombak sandhuwure segara kang sedhela-sedhela mabur mudhuk-mandhuwur ora bisa nglipur dheweke saka rasa goreh.
Malah dheweke nggusah manuk-manuk mau kanthi disawat nganggo gesik. Pancen aneh manawa manuk kang ora ngerti kenthang-kimpule melu-melu disalahke. Kamangka bisa wae mbok manawa camar-camar kuwi satemene ngerti marang apa kang lagi dirasakake. Saora-orane sekarep gawe lelipur. Ananging sajake dheweke ora rumangsa kelipur. Malah kaya-kaya manuk-manuk mau nggeguyu dheweke. Pancene  ing wektu kuwi pikirane lagi goreh ora bisa nampa kahanan kanthi wening, malah kepara nggedheke rasa cubriya lan  emosi-emosi.
Ndhewe ing papan sepi katone pas kanggo dheweke. Jroning meneng dheweke bisa ngrangke umpama-umpama kang ora bisa ditampa dening pikirane wong waras. Apa dheweke saiki wis edan? Nanging, yen ora gemblung geneya dheweke kok golek jawaban ing pesisir? Ananging yen wis kepara edan, geneya dheweke isih duwe pengarepan? Najan pengarep-arep mau mbuh ora genah dununge.
Dheweke isih setya mecaki dawaning pesisir kanthi rasa ati kang ora bisa digambarake. Rasa sumpeg lan judheg campur dadi siji ngrajam ngudhet-udhet pikiran sehat. Apa dheweke bakal nemu jawaban kang bisa maremake? Mung wektu kang bakalan njawab.
Ing wektu-wektu kepungkur, dheweke kerep ngentekake wektu ing pesisir sinambi nyawang langit sing sulak abang karo calon bojone. Calon bojo? Ya, bisa diarani ngono awit nyatane dheweke karo Yan klakon tunangan. Najan sasuwene kuwi ora nate ana rasa istimewa sing mlebu ing atine.
Awit dheweke ora  prenah duwe pikiran apamaneh duwe pengarep-arep dadi bojone wong kang sasuwene iki wis dianggep kaya dene kadang tuwa. Ora ana rasa jroning ati kajaba: kadang!
Nanging, nalika krungu kabar manawa tanah Aceh banjir bandhang marga disapu gelombang tsunami kang newasake atusan ewon manungsa, kabeh kenangan ing pesisir iku malih dadi  rasa nelangsa kang banget nabet ati. Antarane rasa salah lan kangen dadi nyawiji. Antarane pengarep-arep lan kenangan dina-dina kepungkur rinonce kekembangan kang ngambarake rasa kangen.
Sauntara kuwi wis suwe dheweke nyoba ngubungi mawa handphone (HP). Nanging, ora ana jawaban saka sebrang. Keluarga lan sanak-kadange sansaya mojokake jroning swasana kang salah. Sikepe kang sasuwene iki sajak lelewa dianggep minangka kebeneran manawa Yan calon bojone katut dadi korban ing Aceh. Pancene pandakwa sing banget keladuk. Jroning kahanan kang kaya mangkono ora ana pilihan kajaba ngesok marang pesisir kang ninggalake kenangan, kaya sing dilakoni ing wektu sore iki.
”Rungokna ombak, wong-wong saomah wis ora mrecayani aku. Kabeh wis nganggep aku mutusake sesambungan karo Mas Yan. Tenan, sasuwene iki aku wis kerep nyoba ngubungi Mas Yan. Nanging saben-saben dak telpon, mung veronica sing njawab”.
Sore iki mbuh sing kaping pira wis ora ketung maneh. Swasana meh padha. Ing sandhuwure segara manuk-manuk camar isih ngiteri langit. Ombaking segara kidul sing sagunung-gunung kaya-kaya arep nguntal dheweke. Jan-jane dheweke duwe pengarep-arep supaya disaut dening glombang iku. Nanging, dudu  nglalu. Dheweke kepengin ketemu karo Yan lantaran ombak mau. Manawa Gusti pancen ngarepake dalan kuwi, mula tekoa he ombak gedhe, ngono atine kandha.
Katone iki mujudage keputusan pungkasan. Dheweke wis ora pengin bali mulih. Dheweke bakal ngenteni kabar saka calon bojone. Dheweke rumangsa salah marang wong lanang iku. Sasuwene iki ora tau nggateke kawigatene. Sasuwene iki mung nganggep sedulur marang dheweke. Nanging kabeh rasa mau saiki malik satus wulung puluh drajat. Rasa sepa kang ngukuhi jroning atine, saiki mleleh dadi rasa kangen lan kebak ing penganti-anti.
Ananging rasa kangen mau kanggo sapa? Kabeh wong wis ngerti menawa tanah Aceh wis ora wujud maneh? Kamangka nalika kedadeyan glombang tsunami kuwi Yan lagi tugas ing kono.  Wiwit kuwi ora ana komunikasi. Lan kabeh mau wis lumaku luwih saka sesasi. Dheweke nyoba golek jawaban ing pesisir segara kidul. Apa ana gegambaran kang bisa gawe pepadhang? Apa ana tipak-tipak kang bisa nuntun lakune amrih bisa ketemu marang calon bojone?
Dheweke lungkrah. Semonoa sikile tetep jumangkah. Saiki lakune ora mung ana sapinggire pesisir. Wis sawates dhengkul dheweke mlebu ing banyune segara. Panyawange ngener tengahe segara sing ados lan blawur. Pikirane wis ora bisa diajak kompromi. Mbok menawa ya dalan iki sing bakal bisa nuntun jroning sapatemon. Ngono dheweke mupus.
Srengenene meh angslup. Candikala katon ngregemeng. Nanging dalan mau katon jembar lan padhang. Lakune tansaya adoh kanthi langkah alon nanging manteb. Rasa nekad iku luwih nyata nalika banyune segara wis nelesi perangan awake. Ora ana suwarane sato kewan maneh. Kaya-kaya kabeh ngurmati lakune sing mecaki jerone segara kidul.
Dheweke kaya sang ratu lumaku ing sandhuwure permadani abang nuju ing dhampar nalika sang raja wis suwe anggone ngenteni. Pandulune manther mangarep nyawang sang dasih kang ngawe-ngawe marang dheweke. Saiki banyune segara wis sewates dhadha.  Saka kadohan katon gumulunge alun kang dhuwure sauwit klapa.
Ananging ujug-ujug HP-ne muni. Dheweke kaget lan tanpa sadhar ngangkat HP-ne. “Mas Yan! Piye kabarmu, Mas…?!” Kaya thathit dheweke mbalik jangkahe.
Swara saka sebrang njawab kanthi kebak rasa tresna lan kangen. Swara mau ora liya Yan pacangane sing sasuwene iki diarep-arep kabare. Swarane iki panggah kaya biyen-biyen kae. Gumbira lan uga kebak pengarep-arep marang dheweke.
Wanita enom mau saiki wis ana ing pesisir. Ana rasa gumbira kang ora bisa digambarake nalika dheweke jumangkah ninggalake pesisir kidul kuwi. Kabar tsunami sing klakon ngrenggut atusan ewon kadang kita ing Aceh pranyata isih nyisake sawijining uwong kang banget dianti-anti. Nanging ana siji sing ora bisa diapusi, yaiku rasa jroning atine kandha manawa antarane dheweke karo Yan ora luwih mung  rasa peseduluran. Wanita mau banjur mecaki dawaning pesisir.

Penulis adalah Parpal Poerwanto, Guru SDN Wonomulyo, Wonogiri
Kapetik saking www.solopos.com

CERKAK: Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.

PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
Kapetik saking www.solopos.com