Senin, 21 Oktober 2024

PARIWARA

    

  


                   

A.   Teges Pariwara

Ing basa Indonesia pariwara sinebut iklan. Pariwara/iklan yaiku informasi utawa kabar kang asipat nawakake barang utawa jasa marang masarakat.

B.   Ancas Pariwara

Ngglembug/mbujuk supaya masarakat kesengsem marang barang/jasa kang ditawakake.

C.   Jinis Pariwara

Miturut isine pariwara kaperang dadi 4, kayata:

1.  Pariwara Pengumuman

Pariwara iki adate kanggo menehi informasi lomba utawa sawijining acara.

2.  Pariwara Panjaluk

Pariwara iki asipat njaluk utawa panyuwunan, kayata lowongan kerja/gaweyan utawa njaluk sumbangan.

3.  Pariwara Dagang

Pariwara dagang/niaga uga kasebut pariwara produk utawa penawaran. Pariwara iki asipat nawakake barang/jasa marang konsumen, kayata panganan, klambi, sepatu lan sapiturute.

4.  Pariwara Layanan Masarakat

Pariwara iki asipat menehi kawruh marang masarakat supaya luwih eling lan sadar babagan apa wae kang lagi rame. Tuladhane bahaya rokok, posyandu, lingkungan, lan sapiturute.

Miturut ancase pariwara kaperang dadi 2, kayata:

1.  Pariwara Komersial

Ancase supaya barang kang ditawakake oleh bathi sing luwih gedhe.

2.  Pariwara Nonkomersial

Ancase menehi informasi. Pariwara iki asipat ngajak masarakat supaya nglakoni prakara kang becik.

Miturut saranane pariwara kaperang dadi 2, kayata:

1.  Pariwara Cithak

Pariwara iki adate diwartakne ing ariwarti, kalawarti, brosur, lan liyane.

2.  Pariwara elektronik

Pariwara iki diwartakne lumantar TV, radio, Youtube, medsos, lan sapiturute.

D.   Ciri-ciri/titikan Pariwara

1.    Bahasane ringkes lan gampang dimangerteni

2.    Nggunakake tembung kang asipat sugestif lan persuatif

3.    Ndundut ati utawa narik kawigaten (slogan lan ilustrasi/visual)

4.    Informasine padhet, cetha, lan ora nyinggung produk liyane

5.    Jujur lan obyektif

E.    Struktur Teks Pariwara

1.    Irah-irahan (orientasi)

Perangan iki isine irah-irahan/judhul pariwara.

2.    Awaking pariwara (tubuh iklan)

Perangan iki nerangake isine produk/jasa kang ditawakake. Perangan iki njentrehake kaluwihane produk/jasa supaya bisa ditampa wong liya.

3.    Katrangan (justifikasi)

Perangan iki isine katrangan ngenani carane oleh produk/jasa kang diwakake, kayata alamat/panggonan, nomer telpon, lan sapiturute.

F.    Slogan

Slogan yaiku teks persuasif ing sajroning pariwara. Anane slogan supaya wong kang maca bisa/gampang kepencut lan tansah eling/gampang eling marang produk/jasa kang dipariwarakne.

Titikane slogan:

1.    Tetembungane ringkes lan ndudut ati

2.    Gampang dieling-eling

3.    Ukarane cekak