Wewayangan sepisanan ketemu Menur ing kampus isih nandhes ing rasa
pangrasaku. Menur kuwi adhi kelasku ing fakultas. Kulitane kuning resik.
Eseme ngujiwat. Mripate tansah idhum, gawe adhem ati lanang. Mula akeh
Arjuna sing kesengsem, klebu aku.
Ora ngira jebul omahe Menur tunggal desa karo aku. Wektu mahasiswa
anyaran, menyang mulih kuliah Menur tansah numpak bis. Biyasane ngadhang
bis ing halte ngarep kampus, nuli nyegat bis jurusan Tawangmangu utawa
Matesih.
Saka desane Menur, uga desaku, menyang kampus adohe 25 kilometer.
Mula aku nawani Menur supaya bisa boncengan bareng. Saben mulih kuliyah
aku tansah liwat halte ngarep kampus, saprelu nawani Menur boncengan.
Pisan, pindho, telu, Menur klewa-klewa nampik pangajakku.
Nanging, aku tetap tlaten nyedhaki Menur, supaya atine luluh. Aku
duwe prinsip, watu atos yen ditetesi banyu saben dina mesthi bakal
bolong. Embuh nganti nawani kaping pira, pungkasane atine Menur luluh
lan gelem mulih mbonceng bareng aku.
Critane, wengi kuwi ana adicara ing fakultas nganti wengi. Ing wayah
wengi kuwi, bis jurusan Tawangmangu wis ora ana maneh. Mula aku nyegat
Menur ing lobi fakultas. Ora let suwe Menur mudhun.
Weruh aku ngadeg ing papan kuwi, Menur nuli ngguyu. Ah rasane ati iki
dadi adhem kaya kegrujug banyu es yen nyawang Menur mesem. “Dhik bareng
aku ya? Bis jurusan ngetan wis ora ana hlo,” kandhaku alon.
Menur mung meneng. Sajak bingung arep wangsulan. Ya apa ora? “Wis
barengan wae! Boncengan kana, Nur. Wengi-wengi ngene yen numpak angkutan
umum bisa dipangan wewe gombel kowe,” kandhane Evi, kancane Menur,
ceplas-ceplos.
Jalaran Menur mung meneng, mula Evi nyuwara maneh. “Ya Mas. Menur
gelem diterke mulih. Iki hlo wis ngguya-ngguyu,” ujare Evi sinambi
nyurung awake Menur nganti nabrak aku. Tangane Menur ora sengaja nyekel
pundhakku.
“Sori…sori, Mas! Ora sengaja. Evi iki hlo, nakal banget,” ujare Menur.
“Ah ora apa-apa. Gelem ya, Dhik, dak terke mulih?” ujarku nanting.
Menur nuli manthuk sinambi ngguyu. Ah… wangsulan sing kaya ngene iki
sing dak tunggu nganti patang wulan.
Pungkasane, wiwit wengi kuwi Menur tansah dak boncengke budhal lan
mulih kuliyah. Aku wiwit akrab marang kulawargane Menur. Luwih saka
kuwi, patang wulan candhake Menur resmi dadi pacarku. Disawang saka
solah bawa bapak lan ibune, sajake sarujuk yen Menur dak wengku dadi
sisihanku ing tembe mburine.
Nanging, kuwi kabeh lelakon sakdurunge pemilihan kepala desa
(pilkades). Rong wulan sakdurunge coblosan, sesambungan asmara sing wis
karajut rong taun kuwi ambyar dadi sawalang-walang. Dudu perkara
pribadi aku lan Menur, nanging ana gandheng cenenge karo kahanan politik
desa.
Beda pilihan calon kepala desa (kades) sing njalari
sesrawunganku karo bapake Menur dadi panas. Critane, ing pilkades desaku
aku kadhapuk dadi tim suksese Mas Broto. Mas Broto kuwi kakange Bima,
kancaku SMA, sing omahe nunggal desa nanging beda kebayanan.
Sesrawunganku karo keluargane Bima pancen raket. Bima dak anggep
kayadene sedulur kandung. Bapak ibune Broto dak anggep kaya bapa
biyungku dhewe. Semana uga Mas Broto dak anggep kayadene kangmasku
kandhung.
Mula lumrah yen aku nyengkuyung lan ngewangi Mas Broto sing njago
dadi lurah ing desaku. Ora lumrah yen aku nyengkuyung calon kades
liyane. Lumrah uga aku pidhato makantar-kantar kanggo nyengkuyung Mas
Broto.
“Mas Broto punika priyayi pinter, resik lan religius. Programipun nggih sae. Ngajak nem-neman dhusun supados sengkut mbangun pertanian desa,” kandhaku ing warung angkringan. Ing panggonan ngendi wae aku tansah promosi Mas Broto.
Nanging sing dadi perkara, jebul sedulure Menur uga ana sing nyalon
dadi kades yakuwi Mas Darno. Mas Darno kuwi ponakane bapake Menur. Ya
lumrah wae yen kulawargane Menur nyengkuyung ponakane dadi kepala desa. Nanging sing ora lumrah kuwi sesambunganku karo Menur dadi gonjang-ganjing kesampluk ombak demokrasi pilkades.
Aku ditanting bapake Menur.
“Sliramu milih pacar apa milih kanca?” pitakone.
Iki pilihan sing abot. Sejatine ora bisa kaya ngono kuwi.
“Sakjane rak ya bisa milah-milah. Endi sing ranah politik? Endi sing
ranah asmara? Hla yen kabeh dicampur adhuk, njalari laraning atiku,”
batinku nelangsa. Ora ngira yen lelakone dadi kaya ngene.
“Lagi pacaran wae wis wani brontak calon maratuwa! Hla yen wis resmi
dadi anak mantu, mesthi bakal nindhes maratuwa!” ngana ukara sing tekan
kupingku. Menur dipegsa kulawargane supaya medhot sesambungan katresnan
kalawan aku. Kanggone Menur lan kanggoku iki kahanan sing abot.
“Mas, iki kabeh dudu karepku. Nanging, aku ora bisa menggak putusan kulawargaku,” ujare kanthi mingseg-mingseg ing telpon.
Sawise kuwi aku ora bisa mboncengke Menur maneh. Uga ora bisa dolan
menyang omahe Menur. Aja maneh ngambah omahe Menur, liwat ngarep omahe
Menur wae aku mesthi dialang-alangi. Aku nate nyoba liwat ngarep omah,
nanging dicegat pawongan supaya mbalik nengen.
Kahanan desa nyedhaki dina coblosan sansaya panas. Aku didakwa
ngelek-elek calon kades Mas Darno, kangmase nakdulur Menur. Pungkasane
atine kulawargane Menur dadi pingget, lara ati. Jare, kok tega-tegane?
Kok mentalane aku ngelek-elek Mas Darno?
Pungkasane kulawargane Menur dadi tambah nesu, sansaya gething marang
aku. “Gek sapa wong sing nyebar wisa ora nggenah kuwi?” batinku
nggrantes. Sejatine sak ukara wae aku ora nate ngelek-elek Mas Darno.
Patrap lan watakku ora kaya ngono kuwi.
Rampung pilkades kahanan desa sing maune panas bali adhem ayem maneh.
Sing atine tatu, wis wiwit pulih maneh. Nanging sesambungan asmaraku
tetep wae panas. Kulawargane Menur wis kebacut pingget atine lan ora
gelem nampa aku maneh.
Aku ngerti sejatine Menur isih tresna. Nanging, yen saben dina
dipenggak bapak ibune supaya ora sesambungan karo aku, suwe-suwe rasa
tresna sing wis thukul ngrembaka ing atine Menur mesthi bakal punthes
tan bisa semi maneh.
Sawijining wengi telpon gegemku muni. Jebul saka Menur. Aku kaget!
Apa ana sing wigati? “Mas iki Bapak gerah ning rumah sakit, kowe mrenea
saiki, Mas. Tulungana bapakku. Bapak butuh darah segar. Mung getihmu sing cocog, Mas!” kandhane Menur gupuh sinambi nangis.
Menur crita wis ana pirang-pirang pawongan sing arep donor darah marang bapake, nanging ora ana sing cocog. Pancen golongan darah kuwi klebu ora akeh sing nduweni. Mula tanpa mikir werna-werna aku enggal budhal. Niyatku mung siji, arep tetulung. Ora arep memanfaatkan kesempatan dalam kesempitan.
Tekan rumah sakit kahanane wis gawat. HB-ne bapake Menur
ndrawasi. Ambegane wis dibantu tabung oksigen. Getihku enggal diteliti
ing kantor Palang Merah Indonesia (PMI) sing panggonane ora adoh saka rumah sakit. Cross check. ”Cocog!” kandhaku bungah. Getihku enggal dijupuk lan pungkasane enggal ditranfusi marang bapake Menur.
Rampung kuwi aku enggal pamitan Menur. “Dhik, jalaran wis cukup, aku nyuwun pamit. Salam kagem bapak lan ibu,” kandhaku alon.
“Mas, apa kowe isih nesu karo kulawargaku?” pitakone Menur.
“Ora, Dhik, wiwit biyen mula aku ora nate nesu marang kulawargamu.
Aku tansah tresna kulawargamu, mligine sliramu,” ujarku sinambi ambegan
landhung.
“Yen ngono aja bali dhisik, Mas. Ibu mau pesen, arep ngendikan wigati
karo kowe, Mas,” kandhane Menur kanthi mripat nandhes nyawang aku.
Menur enggal mlebu ruang perawatan, nuli metu maneh sinambi nggandheng ibune.
“Matur nuwun ya, Nak. Aja dadi atimu yen wingi-wingi kae Bapak duka
marang kowe, amarga krungu kabar sing ora-ora. Nanging pranyata kuwi
kabeh ora bener. Jebul ana wong-wong sing patrape kaya Sengkuni, seneng
wadul-wadul supaya kisruh. Saiki Bapak lan Ibu wis mangerteni sejatine
sliramu kuwi sapa,” ngendikane Ibune Menur.
“Mula, dak jaluk kabeh bisa bali kaya wingi-wingi. Yen arep dolan
menyang omah ya mangga. Yen bali maneh kekancan raket karo Menur, Ibu ya
tambah seneng. Sing wis ya wis ya, Nak,” ngendikane ibune Menur
wicaksana sinambi nyekel pundhakku.
“Nggih Bu, matur nuwun. Sakmanten ugi kula nggih nyuwun pangapunten.
Kula nggih nggadhahi lepat. Wiwit mbenjing enjing kula badhe sowan malih
wonten dalem. Kula nggih badhe bidhal lan wangsul kuliyah sareng Dhik
Nur malih,” ujarku.
Wengi kuwi aku jumangkah metu saka rumah sakit. Langit ing
ndhuwur kana katon peteng dhedhet. Nanging atiku padhang njingglang
ngrasaake rasa seneng sing ora kinira. Matur nuwun Gusti.
Kapetik saking SOLOPOS.COM
The Best Videos from the World: Betting on Soccer Games - Videosl
BalasHapusFind the best videos youtube to mp3 converter online from the World: Betting on Soccer Games. Videosl offers the best experience and highest ratings. Watch free movies, TV interviews