Selasa, 20 November 2018

Cangkriman


Ngrembug bab kabudayan Jawa iku ora ana entekke. Kabudayan Jawa kang isih lestari nganti tumeka saiki iki pancen ndadekake mongkoging manah tumraping wong Jawa iku dhewe. Salah sawijining asil kabudayan kang isih lestari lan malah dadi piwulangan ing madyaning pawiyatan yaiku cangkriman. Apa ta cangkriman iku? Ing ngisor iki bakal katulis kanthi cekak apa kang sinebut cangkriman, jinis, lan tuladhane.
1.   Tegese cangkriman
          Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.
2.         Wujude cangkriman
a.             Cangkriman kang awujud tembung wancahan
Tuladha:
-      tongyong rengreng
Bedhekane                              : gotong royong bareng-bareng
Nilai budi pakerti        : gotong-royong
b.             Cangkriman Irib-iriban
Tuladha:
-      Sega sakepel dirubung tinggi
Bedhekan                                : salak
-      Pitik walik saba meja
Bedhekan                                : sulak
Nilai budi pakerti        : panglipur
c.             Cangkriman Blenderan/Plesedan
Tuladha:
-      bakule krambil dikepruki
Bedhekan                                : sing dikepruke krambile
-      Tulisan Arab macane saka ngendi?
Bedhekan                                : Alas
Nilai budi pakerti        : panglipur
d.            Cangkriman Awujud tembang
Tuladha:
Pocung
Bapak pocung yen enom klambine gadhung
Yen wis rada tuwa
Si pocung klambine kuning
Tuwa pisan si pocung klambine abang
Bedhekan                                : mlinjo
Nilai budi pakerti        : panglipur

1 komentar:

  1. Borgata Hotel Casino & Spa - Mapyro
    Directions to Borgata Hotel 목포 출장마사지 Casino & Spa (AtlanticCity) with 안산 출장안마 MapYRO® app 부천 출장안마 and download the app. 2.5M. ROOMS. Map 안성 출장마사지 directions to Borgata Hotel Casino & Spa 창원 출장안마

    BalasHapus