A. Teges lan Ancas
Panatacara, pranata adicara utawa pambyawara uga asring sinebut pembawa acara (bahasa Indonesia),
Master of Ceremoni/MC (bahasa Inggris). Panatacara ateges wong kang
gaweyane nata acara, mimpin acara, ngarahake acara, supaya acara kasebut
lumampah kanthi lancar lan becik. Panatacara adate ditemoni ing acara
kempalan/rapat, upacara, seminar, mantu, ulang
taun, talkshow lan sapiturute.
B. Struktur Teks Panatacara
1. Salam Pambuka
2. Pakurmatan (salam
hormat)
3. Puji syukur
4. Pitepangan marang audien
5. Wosing tatacara
6. Penutup (panuwun lan pangapura)
7. Salam Penutup
C. Sarat Panatacara:
1. Percaya Diri (Kendel)
2. Komunikatif
3. Kreatif
lan Ekspresif
4. Penguasaan Bahasa
5. Teknik Vokal
(Artikulasi&Intonasi)
6. Menguasai Acara
D. Tuladha Teks
Panatacara:
1. Salam pambuka
Tuladha:
Assalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh, sugeng enjing, sugeng sonten, lan sapiturute.
2. Pakurmatan (Salam
hormat).
Salam pakurmatan marang wong kang rawuh ing acara kasebut.
Tuladha:
Ingkang dhahat
kinurmatan Bapa RT…. (rapat RT), ingkang kula tresnani kanca-kanca siswa ……
(rapat OSIS), lan sapiturute.
3. Pambuka (Puji Syukur)
Nyucapake puji syukur marang Gusti Allah
Tuladha:
Puji syukur kita
aturaken dhumateng Gusti Allah, amargi kanthi rahmat saha berkahipun kita
sedaya saged makempal wonten ing papan menika.
4. Isi
Ing perangan iki, pranatacara ngaturake/njlentrehake runtutane acara nganti
rampung.
Tuladha:
Para rawuh ingkang kula
tresnani, wonten ing mriki kula badhe ngaturaken urut rentengipun adicara ing
dalu menika. Menggah adicara ingkang badhe kita lampahi inggih menika. Tuladha rapat
RT:
a. Pambuka
b. Tanggap wacana saking
ketua RT
c. Laporan bidang kerja/
seksi-seksi
d. Pirembugan/diskusi
e. Pamaosing notulen
f. Panutup
Kanggo nyambung urutaning adicara, ing sela-selaning adicara pranatacara bisa ngaturake.
Tuladha:
- Para rawuh ingkang
kinurmatan adicara ingkang salajengipun tanggap wacana saking bapa Ketua RT…(rapat
RT)
- Para kanca ingkang kula
tresnani adicara lajengipun ….(rapat OSIS)
- Para rawuh ingkang kula
hormati, salajengipun inggih menika pembacaan ayat suci Al-Qur'an ingkang
dipunbektakaken dening Ibu Siti Fatimah (adicara pengaosan)
- Para rawuh ingkang bagya
mulya, adicara dipunlajengaken kaliyan acara sungkeman (adicara ing
mantu/mantenan)
- Lan sapiturute.
5. Panutup
Ing perangan iki, pranatacara bisa ngucapake matur nuwun marang para rawuh, lan nyuwun pangapura marang para rawuh menawa
ana atur kang ora mranani. Ing perangan iki pranatacara uga bisa nutup kanthi
atur hamdalah.
Tuladha:
Para rawuh ingkang bagyamulya, adicara pepangihan RT ing dalu menika sampun kalampahan kanthi sae. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dados asil ing ndalu punika saged mbeta kesaenan warga RT 09. Kula minangka pranatacara ngaturaken matur nuwun awit rawuh penjenengan, lan nyuwun pangapunten menawi wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih penjenengan. Sumangga adicara ing wekdal punika dipuntutup kanthi waosan Alhamdulillah.
6. Salam penutup
Tuladha:
Wassalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh. Matur nuwun.
D. Praktik Panatacara
PANATACARA
RAPAT KARANGTARUNA
1. Assalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh
2. Ingkang kinurmatan ketua
karang taruna Karya Bakti dusun Gondanglegi.
Ingkang kula hormati
pengurus karang taruna Karya Bakti dusun Gondanglegi.
Ugi ingkang kula tresnani
kanca-kanca karang taruna Karya Bakti dusun Gondanglegi.
3. Puji syukur kita
aturaken dhumateng Gusti Allah, awit rahmat saha berkahipun kita
sedaya saged makempal wonten ing papan menika saprelu nglampahi kempalan/rapat karang
taruna rutin saben wulan.
4. Para rawuh ingkang kula
tresnani, wonten ing mriki kula badhe ngaturaken urut rentengipun adicara ing
dalu menika. Menggah adicara ingkang badhe kita lampahi inggih menika:
a. Pambuka
b. Tanggap wacana saking
ketua karangtaruna
c. Laporan bidang kerja/seksi-seksi
d. Pirembugan/diskusi
e. Pamaosing asil diskusi dening notulis
f. Panutup
Para rawuh sumangga kita
bikak adicara menika kanthi waosan basmalah sesarengan,
bismilahirohmannirrohim….
Para rawuh ingkang
kinurmatan adicara salejengipun tanggap wacana saking ketua karangtaruna,
dhumateng Mas Aditya kula sumanggakaken…..
Para rawuh ingkang
bagyamulya, adicara salejengipun Laporan bidang kerja karangtaruna,
dhumateng bidang sosial, bidang humas, sekretaris, bendahara kula
sumanggakaken….
Para rawuh ingkang
kinurmatan adicara salejengipun Pirembugan/diskusi ingkang
dipangarsani dening moderator, dhumateng Mas Wahyudi kula sumanggakaken…..
Para rawuh adicara salajengipun
pamaosing asil pirembugan, dening notulis…..
5. Para rawuh ingkang
bagyamulya, adicara pepangihan karangtaruna ing dalu menika sampun kalampahan
kanthi sae. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dados asil ing pepanggihan dalu punika saged
mbeta kesaenan pramuda ing dusun Gondanglegi. Minangka pranatacara Kula ngaturaken matur nuwun awit rawuh penjenengan sedaya. Matur ugi dhumateng Sedaya ingkang sampun mratitisake ubarampe ing adicara dalu punika. Ingkang pungkasan kula minangka pranatacara, nyuwun agunging pangapunten menawi wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih
penjenengan. Kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
6. Wassalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh. Matur nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar