Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel
banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda
kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan
iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo
putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun
suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan
Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi
biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina
ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa
kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali
menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah
sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune
paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki
dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh
pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi
butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar
ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa
disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga
wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah
cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla
Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang
bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo…
ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu
arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge
Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu
Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi
tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah
sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon
bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika
wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun
panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo
dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing
nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi,
langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise
Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane
sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar
amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki
lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali
luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi
karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul
gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau
ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah
susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa
kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah
amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep
kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu
dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa
mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika
sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana
Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala
sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga
wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane
lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas
wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira
yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu
Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran
sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku
lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika
bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul.
Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine
Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu
Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget
lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham
matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi
menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu
Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun
pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan
seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng
panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten
peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun
matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten
gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu,
ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara
setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe
prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi
kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika,
Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu
Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales
kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni
ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen:
apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
Kapetik saking www.solopos.com
WE Grant Hard dhuwit silihan
BalasHapusWe ngawèhaké hard dhuwit silihan lan saben jinis liya saka silihan, karo tingkat kapentingan kiro-kiro saka 3% - 5%. We ngawèhaké metu silihan Bangsa Wide, kiro-kiro saka 1,000.00 nganti 100 yuta USD / kilogram / EURO. We mbiayai 100% lan karo LTV saka 75% -85% ing situs disualekno.
We offer jinis ing ngisor iki Hard Artha Loans:
Hard Artha Loan; Baris kredit,
Komersial Hard Artha Loans
Pribadi Hard Artha Loans
Business Hard Artha Loans
Investasi Hard Artha Loans
Pangembangan Hard Artha Loans
Disualekno-Loans Peralatan Leasing
Wiwit-wiwitan Loans Commercial Property Loans
Persediaan Loans Unsecured Borrowing
Konstruksi silihan
Akun Receivable Loans garis kredit
Fostering Warehouse Financing
machinery Loans
Pasangan Capital Loans Flooring Lines
Tetanèn Loans, International Loans
Tuku Urutan Financing: Sakbenere ANY TYPE BUSINESS silihan
E.T.C. ..
Yen kasengsem hubungi kita liwat email; fredlenders01@gmail.com
regards
Pak Fred Finns