Warta kang sumebar sawetara dina pungkasan iki mratelakake lamun
wulangan Basa Jawa bakal kajabel saka kurikulum pendhidhikan formal
bebarengan kaleksanane Kurikulum 2013.
Warta iki nuwuhake rasa
prihatin akeh pehak. Ing Kutha Jogja, sawetara dina kapungkur, mahasiswa
Universitas Negeri Yogyakarta ngadani demonstrasi sing wose nulak
ngengrengan ngilangi wulangan Basa Jawa sing sekolahan lelandhesan
Kurikulum 2013 kuwi.
Ing Bali, para dwija, mahasiswa lan budayawan
uga nulak trep-trepan Kurikulum 2013 lamun bakal ngilangi wulangan Basa
Bali ing sekolahan. Para guru, dhosen lan pamerdi basa Jawa padha gela
lan sedhih nalika ngengrengan kasebut temen-temen disetujoni pemerintah
lan wusana ditrepake.
Kawicaksanan kasebut pancen durung cetha
temen-temen bakal ditrepake utawa ora, nanging kuwawa ndudut rasa
prihatin marang akeh pehak sing preduli marang basa dhaerah minangka
jati dhiri budaya.
Ngilangi wulangan basa Jawa ing sekolahan,
miturut dhosen basa lan sastra Jawa ing Universitas Sebelas Maret, Imam
Sutradjo, ora bisa dianggep enteng amarga bisa dadi pawadan bakal
sirnane kabudayan Jawa.
Miturut Imam, basa kuwi dalane ilmu, basa
kuwi sarana nggayuh ngelmu. Tumrap wong Jawa lan budaya Jawa, basa Jawa
kuwi panglantar generasi mudha tepung marang oyot kabudayan lan jati
dhiri tradhisine.
Nalika sarana kuwi ilang, generasi anyar ora
bakal ngerti ngelmu kabudayan Jawa saengga ora suwe maneh kabudayan sing
dadi oyot jati dhiri kuwi bakal angslup. Menawa wulangan basa Jawa
diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal, miturut Imam, rong puluh
utawa telung puluh taun kang bakal teka ora bakal ana sing sinau
kabudayan Jawa.
”Tanpa basa Jawa kabudayan Jawa bakal cepet mati
jalaran basa Jawa kuwi roh lan sarana ngleluri lan ngrembakakake
kabudayan Jawa,” pratelane Imam nalika wawancara kalawan Espos, Slasa (25/12).
Kahanan
basa lan budaya Jawa ing tiwi wanci pungkasan iki, miturut Imam,
kapetung nguwatirake banget. Bocah-bocah Jawa jaman saiki arang banget
sing bisa micara abasa Jawa kanthi bener lan pener. Ing omah wus arang
banget wongtuwa sing mulangake basa Jawa marang bocah-bocah.
Nalika
ing kulawarag ora tau nampa wulangan basa Jawa lan ing sekolahan
mangkono uga, kuwi tegese basa Jawa mati. Hamula, miturut Imam, kahanan
mangkono mau bakal ndadekake budaya Jawa tumpes sithik mbaka sithik.
Karya-karya
pujangga Jawa kang nggunakake basa Jawa ora bakal didhudhah maneh
generasi mudha wus ora mudheng basa Jawa. Ngelmu luhur kang diwarisake
dening pujangga-pujangga Jawa bakal muspra lan mandheg, wusana musna.
Miturut
Imam, akeh banget ngelmu saka pujangga Jawa jaman kawuri kang wujud
tembang-tembang utawa kitab kang ngandharake pranatan urip mulya,
pranatan agama lan katentreman jiwa.
”Nalika basa Jawa tumpes,
musna, tapsiran-tapsiran luhur utawa kearifan lokal warisan para
pujangga ora bisa diwarisake marang generasi mudha kang bakal teka. Kuwi
kapitunan temen-temen tumrap budaya Jawa lan budaya bangsa Indonesia,”
piterange Imam.
Miturut dwija basa Jawa, Bisri Nuryadi,
kawicaksanan awujud Kurikulum 2013 kuwi lamun temen-temen ngilangi
wulangan Basa Jawa bakal nuwuhake kawusanan kang gedhe tumrap budaya lan
wulangan basa dhaerah. Wulangan muatan lokal (mulok) basa Jawa saiki saben minggu mung rong jam pelajaran.
“Rong
jam saben minggu sejatine wus lumayan, sanadyan durung kabeh materi
bisa kababar. Saiki, nalika ana ngengrengan bakal ngilangi wulangan Basa
Jawa genah bakal sansaya angel tumrap upaya ngleluri lan ndayakake basa
Jawa,” pratelane Bisri.
Miturut ngengrengan lelandhesan Kurikulum
2013 kuwi, samengkone wulangan Basa Jawa bakal didadekake siji kalawan
seni budaya utawa prakarya. Miturut Bisri, ngengrengan kuwi
menawa ditrepake temen-temen tangeh lamun bisa didayakake kanggo
ngleluri lan ngrembakakake basa Jawa, mligine tumrap bocah-bocah.
Sasuwene
iki, miturut Bisri, mutu wulangan Basa Jawa kepara durung bisa
dijagakake kanggo pancadan ngleluri, ndayakake lan ngrembakakake basa
Jawa. Nalika wulangan Basa Jawa diilangi lan wusana didadekake siji ing
wulangan liyane, genah bakal sansaya ora temanja.
”Kawicaksanan
awujud Kurikulum 2013 kasebut menawa temen-temen bakal ngilangi wulangan
Basa Jawa, miturutku, kudu dilimbang-limbang maneh. Aja nganti
kurikulum anyar malah sansaya ngrusak pamulangan formal kang wredine
kanggo mbangun generasi mudha bangsa murih tetep ngukuhi jati dhiri
budayane,” pratelane Bisri.
Imam nelakake nalika wulangan basa
Jawa, lan ing tebane kang luwih amba ateges wulangan basa dhaerah,
diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal tundhone bakal ndadekake
universitas sing duwe Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa utawa Jurusan
Pendidikan Bahsa dan Sastra Jawa bakal ora payu.
Nalika pawiyatan
luhur basa lan sastra Jawa ora payu, ateges budaya Jawa bakal kelangan
pangudi ilmu basa lan sastra Jawa. Kahanan mangkene iki anjoge ora liya
basa Jawa bakal mati lan wusana budaya Jawa uga bakal enggal angslup,
wusana mati.
Sumber: Ichwan Prasetyo/JIBI/SOLOPOS
Tidak ada komentar:
Posting Komentar