ATUR
PAMBAGYAHARJA TEMANTEN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Karahayon, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dhumateng
kawula dalah panjenengan sami.
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh,
para pinisepuh ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para sarjana sujaning budi, para priyagung pangemban
pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan.
Para kadang
mitra, wredha mudha ingkang sinudarsana sumrambahipun dhumateng panjenenganipun
para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging
pangaksama, mugi pinaringna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara,
dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan
panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awit mradapa keparengipun
ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa Karta, kawula piniji
hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing
gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang kalenggahan punika. Inggih
kabekta saking mongkoging manah saha karoban ing sih panjenengan sami, panjenganipun
Bapa Karta boten kuwani matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing
lathi, namung kandheg wonten ing jangga, pramila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining
sedya, keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring
rahmat saha nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung,
mugi Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula dalah
panjenengan sedaya, kacihna kawula dalah panjenengan saged hanglonggaraken
penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten
dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha
paring berkah pangestu dhumateng penjenenganipun Bapa Karta, anggenipun
angrankit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku
ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan
prasaja ing siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali
ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka
bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan
panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan
kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa Karta hangaturi
rawuh panjenengan, bilih panjenenganipun Bapa Karta hanetepi darmaning sepuh
hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenyaputrinipun ingkang sesilih
Rara Suliyem, dhaup kaliyan Bagus Suranta, putra kakungipun Bapa Patma, ingkang
pidalem ing Girimarto. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami
miwah nagari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun
lumampah ing mriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala. Ingkang
punika Bapa Karta, mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami,
mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti
dhumateng panganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning
bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu
ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal keparingan pituwasing patembayatan,
momong putra, kanthi prajanjen Brayat Rinancang.
Pangkur, laras pelog pathet nem
Piwelingku marangsira,
Haywa lali sembah bekti
mring Gusti,
Meminta pituduh luhur,
Ambangun bale wisma,
Mugi tansah ayem tentrem
atut runtut,
Bagya mulya kang sinedya,
Rahayu ingkang pinanggih.
Salajengipun, kaleksanan pahargyan ing kalenggahan punika saged
kalampahan karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga
tepalih saha para tamu, ingkang sampun paring pisumbang awujud punapa kemawon,
ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggemanipun Bapa Karta, ingkang
punika Bapa Karta ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, supados pikantukka
leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang
mboten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh
ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah
rawuh panjenengan sami, mugi lumeberana sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka talanging atur, tartamtu kathah
kalepatan anggen kula matur, kirang arum anggen kula ngrakit basa saha tebih
saking subasita, sedaya punika awit kiranging seserepan dhumateng badan kawula,
pramila kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun ngapura.
Aakhirul kalam, billahi
taufik wal hidayah,
Wassalamua’laikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar