Jumat, 07 September 2012

Sugeng, napa wilujeng ?

Sugeng kaliyan wilujeng menika artosipun sami, nggih punika selamat/keselamatan.
Menawi dipunurutaken saking ngoko, madya dumugi krama, tembung slamet menika kalebet basa ngoko; wilujeng menika basa madya; menawi sugeng menika krama.
Tembung wilujeng kalasemanten dipunginakaken raja/krabat kraton dhumanteng rakyatipun, amargi ing tataran basa, kraton menika sipatipun mboten pati ngajeni dhumateng rakyat, amargi kraton menika langkung inggil drajatipun. Dados menawi ngendikan kedah ngaggem ngoko/madya.
Menawi sugeng, amargi kagolong tembung krama, tataranipun tembung sugeng menika langkung inggil tinimbang wilujeng. Minangka kawula/rakyat, kedahipun ngagem tembung sugeng, amargi kanthi tembung sugeng raos urmat dhumateng tiyang sanes menika langkung ketingal inggil.
Tuladhaipun:
Sugeng enjing? punapa wilujeng enjing? menawi dipuntingali saking paramasastranipun, ingkang leres menika
sugeng enjing.
Nuwun.

1 komentar: