Rabu, 12 September 2012

YO SINAU PARIKAN !


Parikan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang dumadi saka rong ukara kanthi nggunakake purwakanthi swara/purwakanthi sastra. Parikan uga disebut PANTUN (Indonesia). Parikan minangka bukti keluhuraning budaya Jawa. Ing parikan, ukara kapisan minangkan pambuka, dene ukara kapindho minangka surasane/isi. Isine parikan ngemu kesaenan-kesaenan pagesangan.
* Purwakanthi swara tegese tetembungan kang padha swarane, kang ngemu kaendahan.
Tuladha – tuladha parikan :
1.    Manuk emprit, nucuk pari (pambuka).
Dadi murid sing taberi (surasa).
2.    Jemek-jemek, gulane Jawa.
Aja ngenyek, padha kanca.
3.    Manuk tuhu, mencok pager.
Yen sinau, dadi pinter.
4.    Wedang bubuk, tanpa gula.
Ja sok ngamuk, gelis tua.
5.    Wajik klethik, gula Jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
6.    Wedang bubuk, gala tebu.
Mata nagntuk, jaluk turu.
7.    Kembang mlathi, warna peni ganda wangi.
Watak putri, kudu titi ngati-ati.
8.    Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar.
Lamun sabar, bisa lejar bingar-bingar.
9.    Kembang kencur, ditandur tepining sumur.
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur.
10. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhonge plasa.
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir mung golek bandha.
11. Plesir sore, jungkate putih.
Ngesir kowe, ra tau mulih.
12. Yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu.
Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ngilmu.
13. Mlaku dhisik, ora ngenteni.
Digawe becik, ora niteni.
14. Ngetan bali ngulon.
Apa sedyane kelakon.
15. Wetan kali kulon kali, arep nyabrang gak ana uwote.
Bapak gemati simbok gemati, yen tak timbang padha abote.
16. Dikanji kok ra disetlita, lha ora duwe areng.
Wis janji kok ora teka, lha bapak ora pareng.
17. Pecut diseblakne.
Wis kebacuk dikapakne.
18. Timun sigarane.
Terus mbangun negarane.
19. Abang ora legi.
Tiwas magang ora dadi.
20. Tela diiris-iris.
Gawe gela ra uwis-uwis.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar