A. Wenehana tandha ping (X)
aksara a, b, c, d, utawa e ing wangsulan kang bener!
1.
Welingan/pesen
kang diaturake marang wong akeh arane...
a. wara-wara c. pawarta e. cecala
b. sesorah d.
nawala
Wacan ing ngisor iki kanggo
mangsuli pitakonan no.2
Wara-wara
Kanggo para siswa
kang tak tresnani,
Gegayutan karo dina
dumadine SMK Negeri 1 Kedawung, pamong pengetan dina klairan sekolah arep nganakake
pagelaran seni.
Kanggo ngregengake
pagelaran seni mau, saben kelas diwajibake urun kiprahe kanggo ngisi pagelaran
mau. Amrih ora dumpyuk karo klas liya, mula saben kelas enggal paring palapuran
jinising seni kang arep digelar marang Bapak A. Sartono minangka pamong adicara,
telat-telate tanggal 7 Desember 2011.
Wasana muga-muga
dadekake kawigatene kanggo para siswa.
Kepala Sekolah,
Drs. Lubis Isa, M.Pd.
2.
Apa wosing
wara-wara ing ndhuwur....
a.
dina klairane
sekolah d.
dina klairan kabupaten Sragen
b.
printah
marang siswa supaya urun pagelaran seni e.
pagelaran seni
c.
palapuran
pagelaran seni
3. Lapuran sawijining kadadeyan/perkara
kang diaturake kanthi cetha lan rikat marang wong akeh arane....
a. wara-wara c.
pawarta e.
cecala
b. sesorah d.
nawala
4. Pawarta asale saka tembung warta kang
tegese....
a. berita c.
tulisan e.
omongan
b. layang d.
kabar
Wacan ing ngisor iki
kanggo mangsuli pitakonan no.5-6
Lomba mulas bathik (Lomba mewarnai batik)
Bathik mujudaken salah satunggaling budaya bangsa Indonesia ingkang sampun dipunakeni
dening jagad internasional. Kangge mengeti Hari
Batik Nasional tanggal 2 Oktober, watawis 100 lare TK ing Kartasura,
Sukoharjo tumut Lomba Mewarnai Motif
Batik. Kajawi kangge mengeti Hari Batik Nasional, lomba punika ugi
kangge nepangaken batik dhateng warga.
Dinten Senin siyang(3/10/11), swasa satunggaling teleng papan
blanja ing Kartasura, Sukoharjo, katingal regeng. 100 lare TK katingal greget
anggenipun mulas motif batik ingkang dipuncawisaken panitiya. Lomba Mewarnai Batik sengaja
dipungelar kangge mengeti Hari Batik
Nasional. Kangge ngugah kreatifitas lare, lare-lare dipunkeparengaken
mulas miturut kemaremanipun.
Kanthi tumut lomba punika, dipunajab lare-lare saged langkung mangertos
dhateng bathik minangka salah satunggaling budaya asli Indonesia. Bab
kasebat jalaran ngantos samangke, bathik taksih dereng mratah
menggahing sedaya warga ing nuswantara. Ana bacute... (Sumber : www.jogjatv.tv )
5. Apa ancas digelare lomba mulas bathik
kasebut....
a. Mengeti Hari Bathik Internasional.
b. Supaya warga seneng marang bathik asli indonesia.
c. Supaya lare-lare langkung kreatif anggone mulas bathik.
d. Supaya jagad internasional ngerti yen
bathik asale saka indonesia.
e. Kanggo mengeti Hari Batik Nasional lan kanggo nepangake bathik marang warga.
6. Ana ngendi papan panggone lomba
kasebut....
a. sekolahan c. pinggir dalan e.
lapangan
b. papan blanjan d. stadion
7. Wara-wara lan pawarta iku nduweni
ancas padha, yaiku....
a. kanggo piwulang tatakrama
b. kanggo sarana ngleluri budaya
c. menehi ngerti (informasi) marang wong akeh
d. kanggo sarana komunikasi
e. sarana ndidik siswa
8.
Apa kang
sinebut undha usuk basa iku....
a.
trap-tapaning
basa c.
paramasastra e.
tatakrama
b.
kasopanan d. carane
matur sing becik
9. Leksikon (kosa kata) basa Jawa iku cacahe....
a. 4 c.
6 e.
8
b. 5 d.
7
10. Kang kalebu leksikon netral kayata....
a. sapu c. adus e. mlaku
b. gula d. turu
11. Kang kalebu leksikon ngoko kayata....
a. arta c.
beta e.
gawa
b. asta d.
sira
12. Tembung : sampeyan, ampun lan
tilem, kalebu leksikon….
a. netral c.
madya e.
krama inggil
b. ngoko d.
krama
13. Tembung : nedha, jenengan lan kondur,
kalebu leksikon…
a. netral c. madya e.
krama inggil
b. ngoko d.
krama
14. Miturut unggah-ungguhing basa, basa
Jawi kapilah dados...
a. 1 c. 3 e. 5
b. 2 d. 4
15. Basa kang digunakake kanggo
sapadha-padha, bocah marang bocah, wong tuwa marang wong tuwa, wong tuwa marang
bocah arane….
a. ngoko lugu c.
krama lugu e.
madya
b. ngoko alus d. krama alus
16.
Basa ngoko
alus lumrah digunakake marang....
a.
wong kang
lagi tepung c. bocah
marang wong tua e. wong
tuwa marang bocah.
b.
wong kang
padha tuwane d. bocah marang
bocah
17.
Basa krama
lugu nggunakake leksikon apa wae....
a.
krama c. madya e.
krama inggil
b.
krama+ngoko d. krama+netral
18.
Basa kang
digunakake bocah/wong enom marang wong tuwa arane ....
a.
ngoko alus c. krama alus e.
basa kasar
b.
ngoko lugu d. krama lugu
19.
Mengko sore
aku tak sowan ing omahmu. Ukara kasebut nggunakake basa....
a.
ngoko lugu c.
krama lugu e. madya
b.
ngoko alus d.
krama alus
20.
Ukara kang
nggunakake basa krama alus kayata....
a.
Asmanipun
panjenengan sinten?
b.
Mangke sore
bapak badhe tindak Sala.
c.
Guru basa
Jawa sing anyar kae asmane sapa?
d.
Sampeyan kula
aturi rawuh dhateng griya kula!
e.
Simbah tilem
wonten kamar ngajeng.
21.
Nyawijine tumintak
lan pamikir kang tumuju marang kabecikan arane....
a.
unggah-ungguh d. tata susila e. budi
pakerti
b.
subasita e. tindak-tanduk
22. Budi pakertine wong iku bakal tumus
saka....
a. guneman c. dandanan e. watak
b. ageman d. tindakan
23.
Maos rikat
uga diarani....
a.
Maca teknik c.
maca sakeplasan e.
maca lagu
b.
Maca batin d.
maca seru
24.
Wong bisa
diarani lancar anggone maca, kudu bisa maca sak ora-orane….
a.
85
tembung/menit c.
100 tembung/menit e. 130 tembung/menit
b.
95
tembung/menit d.
110 tembung/menit
25.
Sajroning
sinau maca rikat, sakwise wancan diwaca banjur....
a.
digoleki
gagasan bakune c. diwaca
maneh e.
digawe paragap anyar
b.
diringkes d. digawe
ukara-ukara
26.
Aksara Jawi
ugi dipunsebat kajawi.…
a.
dentawyanjana c.
carakan e. aksara kawi
b.
hanacaraka d. aksara untu
27.
Aksara Jawi ingkang dereng angsal sandhangan punapa-punapa dipunsebat...
a.
aksara latin c.
aksara rekan e. aksara rekan
b.
aksara legena d.
aksara murda
28.
....e pasangan
aksara Jawa kasebut arane...
a.
wulu c. pepet e.
taling tarung
b.
suku d.
taling
29.
8531 angka Jawa kasebut unine….
a.
8.534 c. 8.451 e.
8.561
b.
8.976 d. 8.531
30.
?jmub]twlirs[n:
a.
gul c. asin\ e. pait\
b.
Xgi d. kecut\
B. Wangsulana pitakonan ing
ngisor iki kanthi bener!
- Apa sing mbedakake antarane wara-wara lan pawarta?
- Sebutna perkara-perkara (unsur-unsur) kang kudu digatekake marang sawijining pawarta!
- Sebutna wernaning leksikon (kosa kata) basa Jawa!
- Miturut unggah-ungguhing basa, basa Jawa iku kaperang dadi pirang werna? Sebutna, banjur jelasna marang sapa wae basa iku digunakake!
- Ala becike wong iku bakal bisa kawaca lumantara pirang prakara? Sebutna lan jelasna!
- Maos iku ora mung asal maos, ananging kudu ngerti trap-trapane, coba jlentrehna trap-tapaning maos!
- Aksara Jawa legena iki tulisen latine!
?spvnanbylrmt.
- Aksara Jawa mawa angka Jawa iki tulisen latine!
?msrn\;01;12;2011.
- Aksara Jawa mawa sandhangan iki tulisen latine!
?tukubuwhxg;15000;rupiyh.
- Tulisen aksara Jawane!
a.
padha meluwa
pramuka
b.
nyawiji ing
budaya Jawi
c.
lenga seliter
regane Rp 10.000,-
---Nuwun---
Tidak ada komentar:
Posting Komentar