Kamis, 01 November 2012

Tuladha-tuladha Pawarta


Lampah Pandameling E - KTP
Sleman, www.jogjatv.tv- Sinaosa pandameling Kartu Tanda Penduduk Elektronik  utawi E-KTP taksih dados pirembagan, nanging ing Kabupaten Sleman pandameling E-KTP kanthi sesarengan sampun kawiwitan dinten Rebo enjing(5/10). Dinten kapisan pandaleming E-KTP ing Kecamatan Berbah, sampun katingal regeng dening warga masyarakat wajib KTP, inggih saking para perangkat desa lan kulawarganipun.
Kadosta ing wewengkon Kecamatan Berbah, pandameling KTP Elektronik kanthi sesarengan dipun adani ing kantor kecamatan kasebat. Ing tataran kapisan pandameling E-KTP kangge para perangkat desa lan kulawarganipun. Salebeting ruwangan mirunggan kanthi piranti ingkang moderen,para wajib KTP foto lan rekam identitas lumantar netra lan sidik jari. Para warga ugi kedah tapak asta ingkang sedayanipun dipun garap mawi komputer.    
Sinaosa sinebat massal, lampah pandameling E-KTP ing Berbah Sleman punika taksih winates kangge perangkat desa ngantos pengurus RT lan kulawarganipun. Wondene kangge warga masyarakat sanesipun dipun lampahaken ing pungkasaning wulan Oktober. Saking 4 desa ing Kecamatan Berbah, ngantos pungkasaning taun 2011 punika, pandameling E-KTP dipun angkah saged ngladosi 13.000 wajib KTP saking 37.879 wajib KTP. Wondene sisanipun badhe dipun rampungaken ing taun 2012 benjing.
Dening: Hari Atmaja.
 Kapetik saking www.jogjatv.tv, dinten Rebo, 05 Oktober 2011, tabuh 19:18 WIB.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar