Ing satunggaling dusun, wonten sawijining kaluwargi ingkang asma Nyai Randa
Wulanjar kaliyan putra kakungipun, kanthi nama Jaka Tarub. Padamelan saben
dintenipun pados ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade ing peken saklebetipun
kitha Kudus. Ron menika dipunlintokaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge
kabehanipun saben dinten. Saking tebihipun peken ingkang dipundugeni, mbok
randha kaliyan putranipun mbetahaken pinten-pinten minggu menawi tindak peken,
awit tebih saking Kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub ing saben dintenipun
inggih menika mbebedak sato wonten ing wana.
Ing satunggaling wekdal sinambi lelenggahan ing ngajeng pawon, mbok
randha nuturi putranipun supados enggal nggadhani sisihan. “Putraku, tak kira
umurmu wis cukup kanggo golek sisihan. Miliha prawan saka desa tarub, warung,
apa sesela!. Jaka Tarub lajeng mangsuli pun ibu, “Ibu, kula dereng sagah menawi
kedah emah-emah wekdal sakmenika. Kula taksih remen saba dateng wana”. Kanthi
alus pun Ibu matur malih, “Arep nunggu apa maneh ta putraku, ora patut menawa
sliramu ora ndang golek sisihan. Nganti suk kapan? Apa widodari tumurun saka
langit???? Jaka tarub “Ampun enggal-enggal duka pun ibu, menawi sampun
wekdalipun kula mesti enggal pados sisihan Ibu”. Ibu “Ya wis nek pancen iku
dadi kekarepanmu, mung welinge ibu, menawa saba menyang wana, aja munggah gunung,
amarga gunung iku panggone angker, akeh jin-jin ing kana”.
Enjingipun, kados adatipun menawi mbebedhak, Jaka Tarub bidal nalaka taksih
pajar supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika
sampun dangu ing wana kok boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe
apes. Siyang dados sonten, sonten sampun dados dangu lampahipun Jaka Tarub
boten manggihi satunggal punapa kemawon sato kewan. Amargi dalu menika padha
rembulan, Jaka Tarub kepanggih peksi ingkang warnanipun endah, ananging peksi
menika ical lan mlebet dhateng gunung. Namung Jaka Tarub menika boten pedhot
kekarepanipun, piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget
wonten ing jeronipun wana. Ananging saya dalu Jaka Tarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin ngaso lan sumare, amargi
lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub saestu sare ing sakjeronipun
wana.
Dalu menika dinten slasa Kliwon. Ing sajroning wana, piyambakipun kaget
amargi kepireng suwanten gumujunging tiyang-tiyang estri, kepireng rame sanget.
Amargi pengin mangertos suwanten menika sejatosipun saking pundi, pramila Jaka
Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percados menawi ing
tengahing wana gung liwang liwung menika wonten suanten widodari-widodari
ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi
panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau, kanthi ndhelih ing sak
wingkingipun kajeng ageng. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa
satunggal widodari kala wau, pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lajeng
dipun beta wangsul.
Sak sampunipun dumugi griya, Jaka Tarub lajeng tumuju malih ing wana papan
widodari siram kala wau. Jaka tarub lajeng watuk-watuk, saknalika para widadari
jumumbul kaget lajeng minggah dateng langit. Ananging wonten satunggal widodari
ingkang mboten saged minggah dhateng langit amargi kicalan rasukanipun. Widodari
menika gadhah nami Dewi Nawangwulan. Ayunipun mboten wonten ingkang saged
nandingi, praupanipun cumlorot kados soroting rembulan ing wanci dalu. Jaka Tarub
lajeng nyaket Dewi Nawangwulan, “Saking pundi asal panjenengan yayi, lan sinten
asma panjenengan??? Sinambi duka lan nuwun Dewi mangsuli “Aku dudu manungsa,
aku widodari, nawangwulan jenengku. Sliramu mesti pirsa menawa aku sak kanca
adus ing sedhang mau??? Aja-aja sliramu uga kang ndhelikake kemben lan
slendhangku.” Jaka lajeng mangsuli, “o... Yayi, ampun duka, amargi kula saestu mboten
mangertos punapa-punapa, kula mboten sengaja liwat ing wana menika, lajeng
kepanggih panjenegnan yayi”. Pun ngaten kemawon menawi kula saged paring
rasukan dumateng panjenengan, punapa imbalanipun?? Dewi; “Menawi tiyang mudha,
badhe kula dodosaken sedherek, menawi tiyang sepuh badhe kula dadosaken bapa
kula”. Jaka Tarub lajeng maringi rasukan dhumateng Dewi Nawangwulan, lan dipun
reh-reh supados ndherek Jaka Tarub, akhiripun Dewi Nawangwulan luluh manahipu
lan kagarwa dening Jaka Tarub.
Ing satunggaling wekdal Nawangwulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub
ingkang namanipun Nawangsih. Nawangsih praupanipun kados pun Ibu, praupanipun
kados rembulan ingkang sumunar ing nalika dalu. Ing sawijining wedal, amargi
kathah rasukan inkang reged, Nawangwulan pamit Jaka Tarub menawi badhe reresik
ing lepen. Sakderengipun Nawangwulan tindak lepen, Nawangwulan mawanti-wanti
supados nenggani putrinipun, kaliyan nenggani anggenipun adang sekul kanthi
manti-manti ampun ngantos mbikak kekep sekulipun. Saktindakipun Nawangwulan
wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, amargi Jaka
Tarub gumun menawi pantun ingkang wonten lumbung kok mboten telas-telas. Ing
manah, Jaka Tarub gadhah pemanggih leresipun napa ta ingkang dipun masak pun
semah, kok wosipun ing lumbung mboten telas-telas. Jaka Tarub lajeng nggadhahi
pamanggih mirsani dandang sekul, sakmenika Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang
dipun adang garwanipun. Jaka tarub kaget amrgi ingkang wonten ing dandang namung
satunggal pantun kemawon. Sak sampunipun saking lepen, Nawangwulan lajeng duka,
awit Jaka Tarub cidra ing janji. Saking kedadosan punika kasektenipun Nawang
Wulan dados widodari ical lan dados manungsa kados limrahipun.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan katemben nutu pantun. Nalika mendhet
pantun ing lumbung, Nawangwulan mangertosi rasukanipun ingkang ical kala
rumiyin, piyambakipun kaget lan duka dhumateng garwanipun amargi sampun dipun
apusi dening Jaka Tarub. “Kakang mas, sakmenika kula nyuwun pamit, kula badhe
wangsul dhateng kayangan. Penjenengan damelaken nawang sih panggung alit,
menawi nawang sih nangis penjenganagan paringaken nawangsih wonten panggung
kala wau, lajeng panjenengan bakar damen ketan cemeng ing ngadhapipun panggung
menika, supados kula saged mandap saking kayangan.” Jaka Tarub “Yayi, kula
pancen lepat, kula nyuwun pangapunten Yayi, kula janji mboten bakal damel
kalepatan malih Yayi, sakestu kula nyuwun pangapunten Yayi.” lajeng Nawang
Wulan enggal-enggal ngaggem rasukanipun kangge minggah ing kayangan kayangan. Jaka
Tarub “ Yayi...kula nyuwun pangapunten Yayi.....” Jaka Tarub namung saged nuwun
mirsani putranipun ingkang taksih alit dipun tinggal ibunipun.
Kapetik saking maneka warna sumber.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar