Rabu, 09 Januari 2013

Basa Jawa Lagi Wae Tangi, Aja Dipateni

Wulangan Basa Jawa kasunyatane tetep bisa disinaoni dening para siswa sanajan akeh sing kandha angel. Angel kuwi amarga ora kulina. Alfian, siswa kelas VI sawijining  SD ing Kartasura, Sukoharjo, ngandharake lamun dheweke pancen durung apal aksara Jawa, nanging wus bisa nulis lan maca aksara Jawa.
Saben minggu, deweke sinau basa Jawa ing sekolahan,  rong jam wulangan ing kelas. Sing disinau yakuwi basa Jawa ngoko nganti krama, macapat, tembang-tembang dolanan, geguritan lan nulis aksara Jawa. Ing omah, dheweke uga sinau dhewe, gladhen latihan nulis aksara Jawa.
”Ora angel banget. Bijiku 7,5,” ujare bocah umur 11 taun kuwi. Sinau nulis lan maca aksara Jawa ora cukup yen mung ing njero kelas. Para siswa kudu gladhen lan sinau nulis lan maca aksara Jawa ing omah utawa ing sanjabane kelas.
Para wongtuwa apike uga melu mulang basa Jawa anak-anake kanthi ngetrapake unggah ungguh basa, ngoko nganti krama inggil, ing wewengkon kulawarga. Miturut dwija Basa Jawa lan anggota Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa Sragen, Eko Wahyudi, sinau basa Jawa ing sekolahan pancen ora cukup.
Wulangan kanggo nggayuh kompetensi ngrungokake cerita basa Jawa, nulis abasa Jawa ing aksara Latin lan nulis aksara Jawa durung bisa temen-temen dikuwasani dening para siswa yen mung ngendelake wulangan ing sekolahan.
”Nulis ’cara’ dadi ’coro’. Pancen nggumunake, basane dhewe, nanging ora gampang disinaoni,” pratelane Eko nalika wawancara kalawan Espos, Senen (31/12).
Miturut lulusan Universitas Veteran Bangun Nusantara (Univet Bantara) Sukoharjo iki, pemerintah samestine melu preduli marang basa dhaerah. Basa dhaerah kuwi basa ibu kang ngandhut wulangan luhur gegayutan tata urip lan panguripan ing tlatlah tartamtu. Menawa wulangan Basa Jawa kajabel saka kurikulum 2013, miturut Eko, kuwi genah ora trep kalawan jati dhiri budaya.
“Prelu ana krenah anyar ing pawiyatan Basa Jawa. Ora mung sinau saka buku lan lungguh ing njero kelas. Kudu luwih modheren. Bisa ditrapake ing kesenian-kesenian. Para siswa mbabar pentas seni lan budaya abasa Jawa. Lakon, basa lan critane  kabeh diracik para siswa. Utawa tata cara liyane kang luwih becik lan ngandhut pendhidhikan,” piterange Eko.
Miturut dhosen Basa Jawa ing Univet Bantara Sukoharjo, Bambang Ikhwanto, kurikulum saiki kang ditrapake prelu diowahi, prelu didandani. Owah-owahane kang wigati yakuwi nglebokake pendhidhikan karakter bangsa, Pancasila lan religiositas ing kurikulum. Nanging owah-owahan iki aja nganti ngilangi wulangan Basa Jawa sakakurikulum.
”Owah-owahan saprelune wae supaya para siswa ora kabotan sinau Basa Jawa kang akeh banget isine, nanging ora diwenehi wektu kang cukup. Luwih becik kurikulum sing ora ngabot-boti siswa,” pratelane Bambang.
Bambang ngandharake kurikulum wulangan Basa Jawa SD saiki ngandhut akeh banget kompetensi sing kudu kagayuh. Kuwi kabeh jan-jane bisa diringkas, sabanjure kuwi ditambahi pendhidhikan karakter bangsa.
Sumber: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar